dcsimg

Selasih ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Selasih tetuwuhan ingkang duwé kasiat kang apik kanggo awak, kagolong tuwuhan Labiatae [1]. Tuwuhan selasih iku tetuwuhan musiman kang ngepang akèh ning dhuwuré, mambuné wangi batangé soklat segi papat. godhongé tunggal, dhapuré bunder endhog[2]. Wiji selasih kang wis dikum banyu kaya ta endhog kodok, duwé selaput kang bening lan cilik-cilik [3] Ning Italia lan Prancis tuwuhan selasih tau dadi tuwuhan kraton, nanging ning laladan India, selasih dadi tuwuhan kang disucikaké amarga lumrahé dienggo ning upacara keagamaan[3]. Kabèh bagiané tuwuhan iki duwé guna, wijiné uga énak manawa didadekaké ombé-ombenan seger[4].

Jeneng Liyané

Jeneng liya selasih antarané:

Kandungan

ocimene, alpa-pipene, 1,8cineole, eucalyptole, linalool, geraniol, limonene, alpha-cinere, methylchavicol, eugenole, eugenol methylether, anethole, methyl cinnamate, 3-hexen-1-ol, 3-octanone, furfural[1]

  • Wiji ngandung planteose, asem lemak (fatty acids) ya iku asem palmitat, asem oleat, asem stearat dan asem linoleat[1].

Efek farmakologis

Saka Farmakologi Cina tuwuhan iki duwé rasa[5]:

  • Kayu, godhong, kembang tuwuhan iki rasané pedes, lan anget ing awak, kasiate bisa kanggo ngerangsang penyerapan (Absorpsi), Peluruh kringet (diaphoretic), peluruh air seni (diauretik), ngelancarké getih, ngilangaké lara (analgetik), lan ngresikaké racun.
  • Wiji rasané manis, pedes, lan seger, kasiaté kanggo mata.

Kasiaté Selasih

Tuwuhan selasih duwé khasiat:

  • Ngelancaraké getih[5]
  • Kejang (antispasmodic)[5]
  • Penenang (sedative)[5]
  • peluruh kringet (diaforetik)[5]
  • peluruh kemih (diuretic)[5]
  • ngilangaké rasa lara (analgetik)[5]
  • ngedunaké panas awak (antiporitik)[5]
  • antibacterial[5]
  • antiseptic[5]
  • antifungsi[5]
  • peluruh kentut (korminatil)[5]
  • perangsang (stimulan)[5]
  • peluruh ASI[5]
  • ngresikaké racun[5]
  • menstimulasi system imun
  • sembelit[3]
  • panas dalam[3]
  • kanker[3]
  • obat watuk[3]
  • influenza[2]
  • keseleo[2]
  • ngalusaké wajah[2]
  • lara untu[2]
  • eksim[2]
  • dicokot ula lan gegremet[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u tanaman obat dipununduh tanggal 14 April 2011
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r www.suarakarya dipununduh tanggal 14 April 2011
  3. a b c d e f g h m.detik.com dipununduh tanggal 14 April 2011
  4. tabloid NOVA dipununduh tanggal 14 April 2011
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p www.kabarindonesia.com dipununduh tanggal 14 April 2011

Cithakan:Bumbon crakèn

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Selasih: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Selasih tetuwuhan ingkang duwé kasiat kang apik kanggo awak, kagolong tuwuhan Labiatae . Tuwuhan selasih iku tetuwuhan musiman kang ngepang akèh ning dhuwuré, mambuné wangi batangé soklat segi papat. godhongé tunggal, dhapuré bunder endhog. Wiji selasih kang wis dikum banyu kaya ta endhog kodok, duwé selaput kang bening lan cilik-cilik Ning Italia lan Prancis tuwuhan selasih tau dadi tuwuhan kraton, nanging ning laladan India, selasih dadi tuwuhan kang disucikaké amarga lumrahé dienggo ning upacara keagamaan. Kabèh bagiané tuwuhan iki duwé guna, wijiné uga énak manawa didadekaké ombé-ombenan seger.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia