dcsimg
Image of Mexican pricklypoppy
Creatures » » Plants » » Dicotyledons » » Poppy Family »

Mexican Pricklypoppy

Argemone mexicana L.

Druju ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

[ Druju (Argemone mexicana) ya iku tetuwuhan taunan saka kulawarga Papaveraceae. Terna semangsa iki tuwuh nganti dhuwur 75 cm. Galihé ana eri werna ijo semu biru. Godhong ijo tunggal kang dawané 7-15 cm lan amba 4-8 cm. Kembangé tunggal lan makuthané cacah 6. Kembangé iki werna kuning utawa putih lan benang sari werna soklat.[1]

Ékologi

 src=
Godhong Druju sing ngandhut eri

Druju asalé saka Florida banjur nyebar ing Arizona nganti Pensylvania lan saiki tekan negara tropis liyané. Ing Indonésia, wit iki ditemokaké ing pinggir dalan lan tegalan kang lemahé masir.

Kandhutan kimia

 src=
Druju Putih

Woh Druju ngandhut senyawa alkaloida ya iku jinis berberine, protopine, sanguinarine lan dihydrosanguinarine. Senyawa iki menawa kepangan dening wong bakal nyebabaké mukok-mukok, mèncrèt, kembung, mumet nganti koma. Eri kang nancep ing kulit bakal njalarani gatel ing kulit. Mula, wit iki ora jumbuh menawa dadi tanduran hias.

Rujukan

  1. Widiyastuti, Yuli (2009). Mengenal Tumbuhan Berbahaya di Sekitar Kita. Tawangmangu Karanganyar: Balai Besar Penelitian dan Pengembangan Tanaman Obat dan Obat Tradisional. k. 19. ISBN 978-979-985722-4.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Druju: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

[ Druju (Argemone mexicana) ya iku tetuwuhan taunan saka kulawarga Papaveraceae. Terna semangsa iki tuwuh nganti dhuwur 75 cm. Galihé ana eri werna ijo semu biru. Godhong ijo tunggal kang dawané 7-15 cm lan amba 4-8 cm. Kembangé tunggal lan makuthané cacah 6. Kembangé iki werna kuning utawa putih lan benang sari werna soklat.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia