Slèdri ya iku salah siji tuwuhan kang lumrah kita wéruhi ana sayur kaya ta sop, bakso, capcay lan salad.[1] Slèdri iku bisa dadi obat lelara kulit, saliyané iku uga bisa kanggo ngilangaké racun ing getih lan warasaké alèrgi.[1] Saliyané digawé campuran samubarang slèdri uga bisa dicampur karo tuwuhan liya kaya ta timun, wortel, lan bit.[1] Slèdri sing jeneng latiné Apium Graveolens wis ana ing Éropah kidul kurang luwih ing abad 15.[1] Tuwuhan iki wis misuwur minangka tamba utawa jamu, saliyané iku uga bisa kanggo nyedhepaké masakan.[1] Slèdri iki pranyata nduwé munpanggat kanggo ngilangaké ambu cangkem kang ora sedhep.[2] Amarga tuwuhan iki bisa nambahi ngundhakaké produksi idu ana njero cangkem kita kang ampuh banget ngresiki baktèri kang ala sing bisa dadékaké mambu cangekemé dhéwé.[2] Mula iku aja mamang yèn ta mamah tuwuhan iki.[2]
Ing nagara-nagara maju akèh banget sing wis bisa manfaataké sakabèhing pérangan sing ana ing wit slèdri, nganti ora ana pérangan sing disingkrihi.[3] Pranyata akèh banget ing Indonésia kang gampang tinemu ing laladan pagunungan kang uripé alasan ana alas.[3] Kayata ing laladan Yogyakarta, Pulo Jawa, Bali, Lombok, NTT lan sacedhaké.[3] Mumpangataké slèdri adoh sangisore 50% saka kasil panèn, sisané mung dijarké alum lan dadi lapuk bareng lemah.[3]
Ana rong jinis slèdri didelok saka warnané ya iku:
Menawa saka Hibitus[4] wit slèdri ana telu ya iku:
Slèdri ya iku salah siji tuwuhan kang lumrah kita wéruhi ana sayur kaya ta sop, bakso, capcay lan salad. Slèdri iku bisa dadi obat lelara kulit, saliyané iku uga bisa kanggo ngilangaké racun ing getih lan warasaké alèrgi. Saliyané digawé campuran samubarang slèdri uga bisa dicampur karo tuwuhan liya kaya ta timun, wortel, lan bit. Slèdri sing jeneng latiné Apium Graveolens wis ana ing Éropah kidul kurang luwih ing abad 15. Tuwuhan iki wis misuwur minangka tamba utawa jamu, saliyané iku uga bisa kanggo nyedhepaké masakan. Slèdri iki pranyata nduwé munpanggat kanggo ngilangaké ambu cangkem kang ora sedhep. Amarga tuwuhan iki bisa nambahi ngundhakaké produksi idu ana njero cangkem kita kang ampuh banget ngresiki baktèri kang ala sing bisa dadékaké mambu cangekemé dhéwé. Mula iku aja mamang yèn ta mamah tuwuhan iki.
Ing nagara-nagara maju akèh banget sing wis bisa manfaataké sakabèhing pérangan sing ana ing wit slèdri, nganti ora ana pérangan sing disingkrihi. Pranyata akèh banget ing Indonésia kang gampang tinemu ing laladan pagunungan kang uripé alasan ana alas. Kayata ing laladan Yogyakarta, Pulo Jawa, Bali, Lombok, NTT lan sacedhaké. Mumpangataké slèdri adoh sangisore 50% saka kasil panèn, sisané mung dijarké alum lan dadi lapuk bareng lemah.