Eceng gondok utawa enceng gondok ([[Basa Latin|Latin]]:Eichhornia crassipes) ya iku salah sijiné tuwuhan banyu kang ngambang. Saliyané misuwur kanthi jeneng Enceng gondhok,ing panggonan liya ing Indonésia, enceng gondok duwé jeneng liya, kaya ing wewengkon Palembang misuwur kanthi jeneng Kelipuk, ing Lampung misuwur kanthi jeneng Ringgak, ing Dayak misuwur kanthi jeneng Ilung-ilung, ing Manado misuwur kanthi jeneng Tumpe.[1] Enceng gondok pisanan tinemu kanthi ora sengaja déning ilmuan jenengé Carl Friedrich Philipp von Martius, sawijining ahli botani berkebangsaan Jerman ing taun 1824 nalika nganankaké èkspèdhisi ing Sungai Amazon Brasil.[2] Enceng gondok duwé kacepatan thukul kang dhuwur saéngga tuwuhan ini dianggep gulma kang bisa ngrusak “ lingkungan perbanyuan”. Enceng gondok gampang nyebar liwat saluran banyu tumuju dalan banyu liyané.
Enceng gondok urip ngambang ing dhuwur banyu lan kalang-kalang berakar ing jero lemah. dhuwuré kira-kira 0,4 - 0,8 mèter. Ora duwé gagang. Ghodong tunggal lan wujud oval. Ujung lan pangkalnya lancip, pangkal tangkai godhong nggelembung. Permukaan godhong licin lan warnané ijo. Kembangé kalebu kembang majemuk, wujud bulir, kelopaké wujud tabung. Wohé wujud bulat lan warna. Wohé kotak beruang telu lan warna ijo. Oyodé jinis serabut.[1]
Enceng gondhok urip ing kolam-kolam cethak, lemah teles lan rawa, banyu mili alon, tlaga, panggonan kanggo wadhah banyu lan kali. Tuwuhan iki Bisa kanggo “mentolerir “ owahan kang ektrim saka dhuwuré banyu, laju banyu, lan owahan ketersediaan nutrien, pH, témperatur lan racun-racun ing jero banyu.[3] Enceng gondok kang rikat thukul mligi amarga banyu kang ngemu nutrien akèh , apamanèh kang akèh nitrogen, fosfat lan potasium (Laporan FAO). Kandungan garam bisa menghambat thukulé enceng gondok kaya kang kadadéan ing tlaga-tlaga ing pasisir Afrika Barat, enceng gondok bakal nambah sepanjang mangsa rendheng lan rada kalong nalika kandhutan garam mundhak ing mangsa katiga.[3]
Akibat-akibat négatif kang ditimbulké enceng gondok antarané:
Amarga enceng gondok dianggep dadi gulma kang ngganggu pramila warna-warna cara dilakokaké kanggo nanggulangi. Tindakan-tindakan kang dilakokaké kanggo ngatasinya antarané:
kertas, kompos, biogas[5],perabotan[6],kerajinan tangan, kanggo médhia tanam jamur merang, lsp.
Sanajan enceng gondok dianggep gulma ing banyu, nanging asliné duwé peran nyekel polutan logam berat. Rerangkèn panalitèn babagan kemampuan eceng gondok déning peneliti Indonésia antarané Widyanto lan Susilo (1977) kang nglaporké ing waktu 24 jam enceng gondok bisa nyerep logam kadmium (Cd), merkuri (Hg), lan nikel (Ni), saben-saben gedhené 1,35 mg/g, 1,77 mg/g, lan 1,16 mg/g angger ora nyampur. Enceng gondok uga nyerep Cd 1,23 mg/g, Hg 1,88 mg/g lan Ni 0,35 mg/g berat garing yèn logam-logam iku kecampur karo logam liyané. Lubis lan Sofyan (1986) nyimpulké logam chrom (Cr) bisa diserap karo enceng gondhok kanthi maksimal ing pH 7. Ana ing penelitiané, logam Cr kadar kapisan 15 ppm mudhun nganti 51,85 persèn.[7]
Saliyané bisa nyerep logam berat, enceng gondok uga bisa nyerep residu pestisida.
Eceng gondok utawa enceng gondok ([[Basa Latin|Latin]]:Eichhornia crassipes) ya iku salah sijiné tuwuhan banyu kang ngambang. Saliyané misuwur kanthi jeneng Enceng gondhok,ing panggonan liya ing Indonésia, enceng gondok duwé jeneng liya, kaya ing wewengkon Palembang misuwur kanthi jeneng Kelipuk, ing Lampung misuwur kanthi jeneng Ringgak, ing Dayak misuwur kanthi jeneng Ilung-ilung, ing Manado misuwur kanthi jeneng Tumpe. Enceng gondok pisanan tinemu kanthi ora sengaja déning ilmuan jenengé Carl Friedrich Philipp von Martius, sawijining ahli botani berkebangsaan Jerman ing taun 1824 nalika nganankaké èkspèdhisi ing Sungai Amazon Brasil. Enceng gondok duwé kacepatan thukul kang dhuwur saéngga tuwuhan ini dianggep gulma kang bisa ngrusak “ lingkungan perbanyuan”. Enceng gondok gampang nyebar liwat saluran banyu tumuju dalan banyu liyané.