Toxoplasma gondii ya iku spesies organisme sel tunggal (protozoa) kang urip minangka parasit.[3] Organisme iki sepisanan diidentifikasi déning Nicolle lan Manceaux.[4][5] Toxoplasma gondii nyebabaké toksoplasmosis, lelara kang bisa nyerang makhluk berdarah panas, kalebu manungsa. Kéwan Felidae kaya déné kucing kampung minangka inang definitif kang dadi panggonan T. gondii nindakaké réprodhuksi seksual. Lelara iki ora duwé tandha-tandha kang cetha. Uji TORCH bisa mangertèni anané infèksi lan lelara iki bisa diobati nganti pasièn mari.
Toxoplasma gondii ya iku spesies organisme sel tunggal (protozoa) kang urip minangka parasit. Organisme iki sepisanan diidentifikasi déning Nicolle lan Manceaux. Toxoplasma gondii nyebabaké toksoplasmosis, lelara kang bisa nyerang makhluk berdarah panas, kalebu manungsa. Kéwan Felidae kaya déné kucing kampung minangka inang definitif kang dadi panggonan T. gondii nindakaké réprodhuksi seksual. Lelara iki ora duwé tandha-tandha kang cetha. Uji TORCH bisa mangertèni anané infèksi lan lelara iki bisa diobati nganti pasièn mari.