dcsimg

Emprit ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Emprit ya iku manuk kang ukurané cilik lan pangané wiji-wijian kang ana ing wewengkon tropis Donya Lawas lan Australasia.[1] Emprit kalebu famili Estrildidae, nanging ana uga kang nganggep manuk iki kalebu anak famili Estrildinae, pérangani famili Passeridae.[2] Sadurungé kalompok manuk iki diklompokaké ing suku manyar-manyaran kang arané Ploceidae.[2] Emprit lumrahé urip nggrombol yèn luru pangan.[2] Emprit ndarbèni ukuran awak kang cilik.[2] Ukuran iki kaya ta ing Nesocharis shelleyi dawané kurang luwih 8,3 cm utawa 3,3 inci.[2] Emprit ora adhaptasi karo hawa kang adhem saéngga merlokaké habitat ing wewengkon tropika.[2] Nanging ing Australia kidul ana manuk emprit kang bisa urip ing hawa kang adhem.[2] Emprit ngendhog antarané 4-10 endhog kang disimpen ing susuhé.[2] Susuh manuk emprit dhapuré bunder kaya bal lan ana bolongan ing tengahé.[2] Susoh manuk emprit digawé saka suket lan tuwuhan kang wis garing.[2]

Pratélan marga

Marga utawa génus manuk emprit akèh cacahé.[1]

Cathetan suku

  1. a b scribd.com(diaksès 12 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j [Christidis L, Boles, 2008, WESystematics and Taxonomy of Australian Birds,Canberra:CSIRO Publishing, isbn=9780643065116, halaman=177]
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Emprit: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Emprit ya iku manuk kang ukurané cilik lan pangané wiji-wijian kang ana ing wewengkon tropis Donya Lawas lan Australasia. Emprit kalebu famili Estrildidae, nanging ana uga kang nganggep manuk iki kalebu anak famili Estrildinae, pérangani famili Passeridae. Sadurungé kalompok manuk iki diklompokaké ing suku manyar-manyaran kang arané Ploceidae. Emprit lumrahé urip nggrombol yèn luru pangan. Emprit ndarbèni ukuran awak kang cilik. Ukuran iki kaya ta ing Nesocharis shelleyi dawané kurang luwih 8,3 cm utawa 3,3 inci. Emprit ora adhaptasi karo hawa kang adhem saéngga merlokaké habitat ing wewengkon tropika. Nanging ing Australia kidul ana manuk emprit kang bisa urip ing hawa kang adhem. Emprit ngendhog antarané 4-10 endhog kang disimpen ing susuhé. Susuh manuk emprit dhapuré bunder kaya bal lan ana bolongan ing tengahé. Susoh manuk emprit digawé saka suket lan tuwuhan kang wis garing.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia