dcsimg
Image of sprouting broccoli
Creatures » » Plants » » Dicotyledons » » Crucifers »

Sprouting Broccoli

Brassica oleracea var. italica Plenck

Brokoli ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Brokoli (Brassica oleracea L. Golongan Italica) ingih punika tetuwuhan janganan ingkang mlebet suku kubis-kubisan utawi Brassicaceae.[3][4] Asalipun Brokoli punika saking laladan Seganten Tengah lan sampun dipunbudidhayakaken wiwit jaman Yunani Kuna.[3] Janganan punika mlebet dhateng Indonésia antawis taun 1970-an. Sapunika brokoli sampun dados salah satunggalipun janganan ingkang misuwur.[3] Manawi dados panganan, limrahipun dipungodhog utawi dipunkukus rumiyin, saged ugi langsung dipundhahar.[3] Cara ingkang langkung saé inggih punika kanthi dipunkukus rumiyin sadherengipun dipundhahar.[3] Perkawis punika gadhah tujuan supados vitamin kaliyan nutrisi ingkang awrat ingkang wonten ing brokoli boten ical. Manawi dipungodhog saged ngicalaken kinten-kinten 50 % kandhungan asem folat ingkang wonten ing brokoli.[3] Nanging manawi badhé nggodhog brokoli saénipun boten dangu, kinten-kinten 5 menit kemawon.[3]

Gizinipun Brokoli

  • Brokoli gadhah ènergi, karbohidrat, vitamin, lan mineral ingkang migunani tumraping manungsa.[3]
  • Brokoli gadhah kandhungan lemak lan kalori ingkang sakedhik, boten gadhah lemak jenuh, kaliumipun inggil lan sodiumipun sakedhik, lan boten gadhah kandhungan kolesterol saéngga saé kanggé jantung.[3]
  • Brokoli gadhah kandhungan folat saéngga saé kanggé ibu-ibu ingkang taksih mbobot.[3]
  • Kandhungan vitamin C ing brokoli inggil sanget.[3]
  • Kandhungan kalsium ing brokoli inggil sanget kados kandhungan kalsium wonten ing satunggal gelas (71,8 mg kalsium brokoli sami kaliyan kalsium susu 120 ml).[3]

Cathetan suku

  1. Buck, P. A. "Origin and Taxonomy of Broccoli" (PDF). Department of Food Technology, University of California. Dijupuk 2009-05-14.
  2. Stephens, James. "Broccoli—Brassica oleracea L. (Italica group)". University of Florida. k. 1. Dijupuk 2009-05-14.
  3. a b c d e f g h i j k l "Kandungan Gizi dan Khasiat Sayuran Brokoli". Dijupuk 14 Juni. Paramèter |accessyear= sing ora kawruhan dikiwakaké (disaranaké |access-date=) (pitulung); Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  4. Brokoli|accessdate=14 Juni |accessyear=2011

Pranala njawi

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Brokoli: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Brokoli (Brassica oleracea L. Golongan Italica) ingih punika tetuwuhan janganan ingkang mlebet suku kubis-kubisan utawi Brassicaceae. Asalipun Brokoli punika saking laladan Seganten Tengah lan sampun dipunbudidhayakaken wiwit jaman Yunani Kuna. Janganan punika mlebet dhateng Indonésia antawis taun 1970-an. Sapunika brokoli sampun dados salah satunggalipun janganan ingkang misuwur. Manawi dados panganan, limrahipun dipungodhog utawi dipunkukus rumiyin, saged ugi langsung dipundhahar. Cara ingkang langkung saé inggih punika kanthi dipunkukus rumiyin sadherengipun dipundhahar. Perkawis punika gadhah tujuan supados vitamin kaliyan nutrisi ingkang awrat ingkang wonten ing brokoli boten ical. Manawi dipungodhog saged ngicalaken kinten-kinten 50 % kandhungan asem folat ingkang wonten ing brokoli. Nanging manawi badhé nggodhog brokoli saénipun boten dangu, kinten-kinten 5 menit kemawon.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia