dcsimg

Cènggèr pitik ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Cènggèr pithik (Celosia Cristata) ya iku tuwuhan tamba samangsa saka kulawarga Celisia. Tetuwuhan iki diarani cènggèr pithik amarga wujudé mèmper cènggèr pithik. Wit iki dhuwuré 60-90 cm lan galihé kandhel. Godhongé lansét selang-seling kang dawané 5-12 cm lan ambané 3-6 cm sarta warnané ijo ana slèrèt nila. Kembangé warna abang, kuning, wungu, lan nila. Tuwuhan iki padatan ditandur ing pakarangan minangka pethètan.[3]

Piguna

 src=
Cènggèr pithik werna wungu

Kembang cènggèr pithik duwé kandhutan saponin, flafonoid lan polifenol kang bisa kanggo tamba ambèyen, lan nyuda rabun ing mripat. Carané ya iku ditèmplèkaké ing pérangan awak kang lara.

Réferènsi

  1. a b Cithakan:IPNI
  2. Cithakan:IPNI
  3. Satya, Bayu (2013). Koleksi Tumbuhan Berkhasiat. Yogyakarta: Rapha Publishing. k. 72. ISBN 978-979-29-3367-3.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Cènggèr pitik: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Cènggèr pithik (Celosia Cristata) ya iku tuwuhan tamba samangsa saka kulawarga Celisia. Tetuwuhan iki diarani cènggèr pithik amarga wujudé mèmper cènggèr pithik. Wit iki dhuwuré 60-90 cm lan galihé kandhel. Godhongé lansét selang-seling kang dawané 5-12 cm lan ambané 3-6 cm sarta warnané ijo ana slèrèt nila. Kembangé warna abang, kuning, wungu, lan nila. Tuwuhan iki padatan ditandur ing pakarangan minangka pethètan.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia