Hering Raja, Nasar Raja, Ruak-ruak Bangkai Raja, Sarcoramphus papa, inggih punika kalebet spésies peksi hering Dunia Baru ingkang urip ing Amérika Tengah lan Amérika Selatan. Spesies punika kalebet ing famili Cathartidae. Peksi hering punika urip ing alas tropis dataran cendhèk ing Meksiko kidul ngantos Argentina ler. Peksi punika gadhah ukuran ingkang ageng kanthi awarni pethak, kantji wulu-wulu ing gegeripun, swiwi lan buntute gadhah werni klawu utawi cemeng. Endhas lan gulunipun peksi punika gundhul, kanthi werni kulit ingkang saged owah, kalebet kuning, biru, jingga, lan abrit. Ing cucukipun, peksi Hering Raja gadhah gelambir kuning ingkang sanget katingal. Peksi punika pangananipun inggih punika bathang. Ngantos sapunika Hering Raja minangka satunggalipun anggota génus Sarcoramphus ingkang dipunmangertosi. Wiwitanipun Hering Raja dipunandharaken déning Carolus Linnaeus ing taun 1758 wonten ing edhisi kaping-10 Systema Naturae kanthi nami Vultur papa.[2] Spesies punika lajeng dipunlebetaken wonten ing génus Sarcoramphus taun 1805 déning André Marie Constant Duméril. Genus punika asring lepat nalika dipunsebataken kanthi sesebatan Sarcorhamphus. Nama umum Sarcoramphus punika saking basa Yunani, sarco-/σαρκο- ingkang tegesipun daging lan ramphos/ραμφος ingkang tegesipun cucukipun mlengkung utawi bengkok.[3] Peksi utawi manuk punika dipunlebetaken wonten ing Gyparchus déning Constantin Wilhelm Lambert Gloger ing taun 1841, nanging klasifikasi punika boten dipun-ginakaken ing literatur modern amargi Sarcoramphus angsal prioritas minangka nama ingkang langkung rumiyin dipun-ginakaken.[4]
|coauthor=
(pitulung) Hering Raja, Nasar Raja, Ruak-ruak Bangkai Raja, Sarcoramphus papa, inggih punika kalebet spésies peksi hering Dunia Baru ingkang urip ing Amérika Tengah lan Amérika Selatan. Spesies punika kalebet ing famili Cathartidae. Peksi hering punika urip ing alas tropis dataran cendhèk ing Meksiko kidul ngantos Argentina ler. Peksi punika gadhah ukuran ingkang ageng kanthi awarni pethak, kantji wulu-wulu ing gegeripun, swiwi lan buntute gadhah werni klawu utawi cemeng. Endhas lan gulunipun peksi punika gundhul, kanthi werni kulit ingkang saged owah, kalebet kuning, biru, jingga, lan abrit. Ing cucukipun, peksi Hering Raja gadhah gelambir kuning ingkang sanget katingal. Peksi punika pangananipun inggih punika bathang. Ngantos sapunika Hering Raja minangka satunggalipun anggota génus Sarcoramphus ingkang dipunmangertosi. Wiwitanipun Hering Raja dipunandharaken déning Carolus Linnaeus ing taun 1758 wonten ing edhisi kaping-10 Systema Naturae kanthi nami Vultur papa. Spesies punika lajeng dipunlebetaken wonten ing génus Sarcoramphus taun 1805 déning André Marie Constant Duméril. Genus punika asring lepat nalika dipunsebataken kanthi sesebatan Sarcorhamphus. Nama umum Sarcoramphus punika saking basa Yunani, sarco-/σαρκο- ingkang tegesipun daging lan ramphos/ραμφος ingkang tegesipun cucukipun mlengkung utawi bengkok. Peksi utawi manuk punika dipunlebetaken wonten ing Gyparchus déning Constantin Wilhelm Lambert Gloger ing taun 1841, nanging klasifikasi punika boten dipun-ginakaken ing literatur modern amargi Sarcoramphus angsal prioritas minangka nama ingkang langkung rumiyin dipun-ginakaken.