Jéngkol (jeneng èlmiah: Archidendron pauciflorum) ya iku wit kang racaké tukul ana ing wewengkon Asia Tenggara.[1] Jéngkol ngasilaké ambu kang ora énak pada kaya peté,[2] nanging luwih nyengat.[3] Jéngkol wijiné empuk, tekstur iku kang gawé jéngkol disenengi wong akèh.[3] Kang marakaké jéngkol duwé ambu kang ora énak iku amarga kandhutan asem amino kang ana ing woh jéngkol mau.[2] Asam amino iku mau didominasi asem amino kang duwé kandhutan unsur sulfur utawa jeneng kang umum wlirang.[2]
Lumrahé jéngkol ing Indonésia diasilaké ing wewengkon Lampung.[4]
Wong-wong ing Malaysia nyebuté jéngkol iku jering, wong-wong Myanmar nyebuté da nyin thee lan wong-wong ing Thailand Kidul nyebuté luk-nieng utawa luk neang.[5]
Secara populèr wong-wong Indonésia uga ana kang nyebut jéngkol "kancing levis", amarga dhapuré kang bunder diasosiasikan kaya benik jins Levi's.[3]
Wiji jéngkol bisa dipangan langsung utawa dimasak. Lumrahé dimasak semur, lan dingertèni wong-wong Sundha kanthi jeneng ati macan utawa "hati macan".[3]
Kajaba disemur, wiji jéngkol uga bisa digawé dadi keripik kaya ta emping saka mlinjo, kanthi cara digencèt nganti gèpèng, digaringaké lan digorèng nganggo lenga panas.[3]
Kandhutan asem jéngkolat kang ana ing wiji jéngkol warna-warna.[6] Kandungan asem jéngkolat gumantung karo varietas lan umur wiji jéngkol.[6] Cacahé antarané 1 – 2 % saka aboté wiji jéngkol.[6]
Jéngkol nyatané duwé manfaat kang akèh.[1] Miturut panelitèn kang wis katindakaké, jéngkol uga akèh kandhutan karbohidrat, protéin, vitamin A, vitamin B, vitamin C, fosfor, kalsium, alkaloid, lenga atsiri, steroid, glikosida, tanin, lan saponin.[1] Khusus kanggo vitamin C kandungané ana 80 mg saka 100 gram wiji jéngkol.[1] Kanggo angka kecukupan gizi kang kaprayogakaké saben dinané ya iku 75 mg kanggo wong wadon lan 90 mg kanggo wong lanang.[1]
Jéngkol uga dadi sumber protéin kang apik ya iku 23,3 g saben 100 g jéngkol.[1] Kadar protéiné ngluwihi saka témpé kang mung 18,3 g saben 100 g.[1] Zat besi kang ana ing jéngkol antarané 4,7 g saben 100 g.[1] Jéngkol uga apik kanggo balung amarga jéngkol duwé kandhutan kalsium, ya iku 140 mg saben 100 g.[1]
Ambuné jéngkol iku salah sijiné efèk nègatif kanggo kang mangan, nanging sebeneré bisa dikurangi kanthi cara dikom/direndem utawa digodhog.[3] Ambuné pas kencing bisa dikurangi yèn mbilas dilakokaké sadurungé lan sawisé nguyuh (kencing) kanthi jumlah kang akèh.[3]
Bebaya kang disebabaké jéngkol kejaba ambuné, uga bisa njalari lelara jéngkolen.[6] Sebabé asem jéngkolat bisa ndadèkaké gangguan kaséhatan,[6] ya iku dadiné kristal asem jéngkolat kang bisa nyumpel saluran air seni.[6] Saya suwé kristal kang iku mau saya akèh lan suwé-suwé bisa ndadèkaké infèksi.[6]
Asam jéngkolat uga bisa njalari wurung.[7] Faktor kang njalari wurung amarga kakèhan asem jéngkolat.[7]
Kejaba saka iku jéngkol ana agama Islam uga hukumé mubah.[6]
Jéngkol (jeneng èlmiah: Archidendron pauciflorum) ya iku wit kang racaké tukul ana ing wewengkon Asia Tenggara. Jéngkol ngasilaké ambu kang ora énak pada kaya peté, nanging luwih nyengat. Jéngkol wijiné empuk, tekstur iku kang gawé jéngkol disenengi wong akèh. Kang marakaké jéngkol duwé ambu kang ora énak iku amarga kandhutan asem amino kang ana ing woh jéngkol mau. Asam amino iku mau didominasi asem amino kang duwé kandhutan unsur sulfur utawa jeneng kang umum wlirang.
Lumrahé jéngkol ing Indonésia diasilaké ing wewengkon Lampung.