Acrasiomycota utawa jamur lendhir mawa sekat iki éwoning protista kang mèmper jamur.[1] Ciriné jamur iki ya iku ana sekat ing awaké, ana kang duwé sél siji lan ana kang sélé akèh.[1] Struktur awak vegetatifé ya iku wujudé kaya lendhir kang mau plasmodium lan duwé akèh inti.[1] Plasmodium owahé amoeboid kanggo nggolet tangkéanan kang rupané bahan organik.[1] Yén plasmodiumé wis diwasa bakal dadi sporangium kang cilik, duwé tangké lan akèh sporané. Spora kang wis mateng tukul dadi sél gamét kang ana flagélé.[1] Reprodhuksi generatifé nganggo cara singami ya iku leburé gamét loro kang wujud lan ukurané padha.[1] Kasilé ya iku zigot kang mengkoné bakal thukul gedhé.[1] Nanging yèn ana ing kondhisi kang ora nguntungaké, plasmodium ing myxomicota bakal mandheg nggoné owah lan dadi tangké kang pucuké membentuk struktur réprodhuksi.[2] Plasmodium ing acrasiomycota bakal dadi agrégat mbentuk kaya bekicot kang ora duwé thothok, yèn kondhisi lingkungané nguntungaké manèh, agrégat bakal mandheg lan gawé awak buah kang isiné spora réprodhuksi.[2] Salah siji tuladha saka Acrasiomycota ya iku Dyctyostelium.[2]
Acrasiomycota utawa jamur lendhir mawa sekat iki éwoning protista kang mèmper jamur. Ciriné jamur iki ya iku ana sekat ing awaké, ana kang duwé sél siji lan ana kang sélé akèh. Struktur awak vegetatifé ya iku wujudé kaya lendhir kang mau plasmodium lan duwé akèh inti. Plasmodium owahé amoeboid kanggo nggolet tangkéanan kang rupané bahan organik. Yén plasmodiumé wis diwasa bakal dadi sporangium kang cilik, duwé tangké lan akèh sporané. Spora kang wis mateng tukul dadi sél gamét kang ana flagélé. Reprodhuksi generatifé nganggo cara singami ya iku leburé gamét loro kang wujud lan ukurané padha. Kasilé ya iku zigot kang mengkoné bakal thukul gedhé. Nanging yèn ana ing kondhisi kang ora nguntungaké, plasmodium ing myxomicota bakal mandheg nggoné owah lan dadi tangké kang pucuké membentuk struktur réprodhuksi. Plasmodium ing acrasiomycota bakal dadi agrégat mbentuk kaya bekicot kang ora duwé thothok, yèn kondhisi lingkungané nguntungaké manèh, agrégat bakal mandheg lan gawé awak buah kang isiné spora réprodhuksi. Salah siji tuladha saka Acrasiomycota ya iku Dyctyostelium.