dcsimg

Rukem ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Rukem (Flacourtia rukam) ya iku tuwuhan kang karan asli saka Indonésia. Tuwuhan iki uga diarani ganda rukem utawa gerendhang. Ing basa manca diarani Rukam (Pilipina), Ta Khop Thai (Thailand), Rukam Manis, Rukam Gajah, Rukem (Malaysia), Jawa Rukamu (Jepang). Ing Basa Inggris diarani Governor's plum, Indian plum, lan Indian prune.[1][2] Déné jeneng ngèlmiahé Flacourtia rukam sinonim Flacourtia euphlebia. Rukem bisa ditemokaké ing Asia Kidul-Wétan, Cina lan Indhi[3]. Urip ing laladan tropika kang teles, nganti ing papan kang dhuwuré 1.500 m saka segara. Habitaté ing alas primèr lan alas sekundhèr.

Wedharan

Wit rukem dhuwuré bisa nganti 20 m, kanthi wit lan cecawangan kang béngkong-béngkong ora lempeng. Ing pang lan rèncèk ana eriné. Déné godhongé lonjong, dawané watara 10–18 cm, ambané 4–9 cm, pinggiré ora rata. Rai sisih nduwur warna ijo tuwa lan gilap. Nalika pupus, godhongé warna abang semu soklat.

Wohé bunder utawa rada gèpèng watara 2-2,5 cm, warna ijo nganti jambon, utawa abang tuwa. Dagingé semu utih, kanthi isi cacah 4-7 iji. Woh iku mbanyu lan rasané semu kecut. Bisa langsung dipangan, nanging kanggo nyuda kecuté, woh iku mau kudu dipijeti dhisik nganti empuk.

Rujukan

  1. Lim, T. K. (2013). Flacourtia rukam. Edible Medicinal and Non-Medicinal Plants Volume 5. Springer. pp 776-79.
  2. Flacourtia rukam. Pacific Island Ecosystems at Risk (PIER).
  3. Flacourtia rukam. Flora of China.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Rukem: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Rukem (Flacourtia rukam) ya iku tuwuhan kang karan asli saka Indonésia. Tuwuhan iki uga diarani ganda rukem utawa gerendhang. Ing basa manca diarani Rukam (Pilipina), Ta Khop Thai (Thailand), Rukam Manis, Rukam Gajah, Rukem (Malaysia), Jawa Rukamu (Jepang). Ing Basa Inggris diarani Governor's plum, Indian plum, lan Indian prune. Déné jeneng ngèlmiahé Flacourtia rukam sinonim Flacourtia euphlebia. Rukem bisa ditemokaké ing Asia Kidul-Wétan, Cina lan Indhi. Urip ing laladan tropika kang teles, nganti ing papan kang dhuwuré 1.500 m saka segara. Habitaté ing alas primèr lan alas sekundhèr.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia