dcsimg

Garudha bondol ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Garudha bondol utawa sajeroning jeneng ngèlmiahé ya iku Haliastur Indus ya iku spésies saka génus saka Haliastur. Manuk Garudha Bondol ukurané pas-pasan (45 cm), warnané putih lan coklat pirang. Garudha bondol kang isih enom duwé karakter sekabéhané awak rodok coklat kanti coretan ing dhadha. Warna berubah putih klawu nalika taun kapindho, lan nganti wulu diwasa sekabéhané ing taun ketelu. Pucuk buntut bunder.Iris coklat, cucuk lan sera klawu rodok ijo, sikil lan polok kuning suram. Nalika diwasa,karakter awake ya iku, ndas, gulu, dhadha putih. Swiwi, geger, buntut, lan weteng coklat terang. Kontras karo wulu primer kang ireng. pakanané ya iku, meh kabèh kéwan, urip utawa mati. Ing banyu, pakanané wujud kepiting, lan ing daratan mangan anak piték, gegremet, lan mamalia cilik. Susuh berukuran gedhé, saka ranting ing puncak wit.

Taksonomi

Kebiasaan

Biasane dewean, nanging ing daerah kang pakanane akèh bisa mbentuk kelompok nganti 35 individu. Nalika ana ing kiwa-tengené susuh, kadhang-kadhang ngetokaké perilaku mabur munggah kanti rikat dibarengi obahan nggantung ing langit, banjur mabur midun rikat kanti swiwi ditekuk lan dilakukake kanthi bola-bali. Mabur endek ing sak duwure banyu kanggo golèk pakan, nanging terkadang uga ngeteni mangsa sinambi mencok ing wit-witan sak cepake kali lan kadang-kadang mlaku ing dhuwur lemah kanggo golèk semut lan rayap. Nyerang manuk camar, dara laut, lan manuk pemangsa lliya kang luwih cilik kanggo ngrebut mangsane. Garudha bondol seneng nglakokaké akrobatik nalika mangsa kawin ya iku wulan (November-Dhésèmber) bisa iku cepak karo pasangane utawa sacepake susuhe[2].

Habitat

Habitat garudha bondol ya iku ing rawa rawa.

Perkembangbiakan

Manak ing wulan Januari-Agustus, lan Mèi-Juli. Di engkremi suwéné 28 nganti 35 dina. Anakan wiwit belajar mabur lan ninggal susuh umur 40-56 dina, dadi diwasa mandiri sawisé 2 wulan.

Sajrone kabudayan

 src=
Garudha bondol kang siji iki golèk pakan. Ing Danau Pocharam, Andhra Pradesh, India.
 src=
Sajrone penangkaran
 src=
Haliastur indus lagi berehat ing Davao City, Filipina.

nalika taun 1989, garudha bondol lan salak condet didadèkaké minangka maskot kutha Jakarta.[3] Hal iku bisa dideleng ing kawasan Cempaka Putih. Ing kana ana salah sijiné patung ngadeg, ya iku patung "manuk bondol nggawa salak condet".[3] ing India, dianggep representasi kontemporer Garuda, manuk suci Wisnu.

Salah sijiné fabel saka tengah Pulau Bougainville nyaritakaké salah sijiné ibu kang ninggal anaké ing ngisir wit pisang sinambi ning kebon lan si bayi mabur marang langit sinanmbi nangis lan berubah dadi Kaa'ana ing, ya iku garudha bondol, Lan kalunge berubah dadi wulu manuk.[4]

Penyebaran

India, Cina selatan, Asia tenggara, Indonesia, Australia. Ing Indonesia, penyebarane ana ing Sumatera, Kalimantan, Jawa, Bali, Sulawesi, Nusa Tenggara, Maluku, Papua[5][6]. Wondene ing Indonesia lan India, bisa tinemu ing daerah pedalaman. Ing Kalimantan dewe, garudha bondol bisa ditemoni ing Kapuas Hulu, Kalimantan Barat. Panggonan garudha bondol ing kana akèh banget[7].

Cathetan sikil

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Garudha bondol: Brief Summary ( Javanese )