dcsimg

Trenggalung ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Trenggalung utawa tenggalung (Viverra tangalunga) ya iku kéwan kang isih sadulur karo garangan, luwak lan rasé, kalebu kulawarga Viverridae. Ing basa Indonésia/Malayu diarani Musang Tenggalung Déné ing basa Inggris karan Malay civet, Malayan civet lan Oriental civet. Kéwan iki kalebu pratélan kéwan kang "ora nyamari" déning IUCN amarga sebaran kang amba, bisa tahan marang rusaké habitat.[2] Ing basa Kawi karan trambawa, trangglang, sanggrata, wilôngka, pujung-pujung, julungpujut, julung botêt lan grita.

Wedharan

Trenggalung duwé buntut warna ireng lan belang kayadéné ali-ali ing sisih ngisor[3] kanthi cacahé belang watara 15. Déné awaké warna klawu kanthi tutul ireng kang akèh, lan ana belang putih ing gulu. Kéwan iki mangan kéwan-kéwan cilik.

Trenggalung dawané watara 610–670 mm lan buntuté watara 285–355 mm. Déné sikilé antara 94–105 mm. Boboté udakara 5 kg. Trenggalung seneng sesaba ing lemah, sanajan uga kadhang tinemu mènèk ing wit-witan.

Sebaran lan habitat

Trenggalung sumebar ing wewengkon Indonésia, Malaysia, Filipina, lan Brunei, ya iku ing Kalimantan, Ujung Malaya, [4] Sumatra, lan Sulawesi.[5] lan digawa menyang Maluku. Miturut cathetan, kéwan iki uga tinemu ing Tanah Jawa.[6] Ing 2012, uga kalapuraké tinemu ing Singapura.[7]

Pakulinan

Trenggalung kalebu kéwan kang urip dhèwèkan, omnivora, lan duwé papan kuwasa.[8] Trenggalung kalebu kéwan nokturnal

Rujukan

  1. Duckworth, J.W.; Mathai, J.; Wilting, A.; Holden, J.; Hearn, A. & Ross, J. (2016). "Viverra tangalunga". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2016.2. International Union for Conservation of Nature.
  2. Duckworth, J.W.; Mathai, J.; Wilting, A.; Holden, J.; Hearn, A. & Ross, J. (2016). "Viverra tangalunga". IUCN Red List of Threatened Species. Version 2016.2. International Union for Conservation of Nature.
  3. Gray, J. E. (1864). A revision of the genera and species of viverrine animals (Viverridae), founded on the collection in the British Museum. Proceedings of the Zoological Society of London for the year 1864: 502–579. doi:10.1111/j.1469-7998.1864.tb00409.x
  4. Corbet, G., B. and J. E. Hill (1992). "Mammals of the Indomalayan region. A systematic review." Oxford University Press, Oxford.
  5. Suyanto, A., Yoneda, M., Maryanto, I., Maharadatunkamsi Sugardjito J. (2002). Checklist of the Mammals of Indonesia: Scientific Names and Distribution Area Tables in Indonesia Including CITES, IUCN and Indonesian Categories for Conservation. LIPI-JICA-PHKA, Bogor, Indonesia. 63 pp.
  6. Meiri, S. (2005). Small carnivores on small islands: new data based on old skulls. Small Carnivore Conservation 33: 21–23.
  7. Lim, N. T., and Ouyang, X. (2012). Occurrence of the Malay civet, Viverra Tangalunga (Mammalia: Carnivora: Viverridae) in Singapore. Nature in Singapore 5: 79–81.
  8. Kanchanasakha, B., Simcharoen, S. and Tin Than, U. 1998. Carnivores of Mainland South-East Asia. Endangered Species Unit, WWF-Thailand Project Office, Thailand.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Trenggalung: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Trenggalung utawa tenggalung (Viverra tangalunga) ya iku kéwan kang isih sadulur karo garangan, luwak lan rasé, kalebu kulawarga Viverridae. Ing basa Indonésia/Malayu diarani Musang Tenggalung Déné ing basa Inggris karan Malay civet, Malayan civet lan Oriental civet. Kéwan iki kalebu pratélan kéwan kang "ora nyamari" déning IUCN amarga sebaran kang amba, bisa tahan marang rusaké habitat. Ing basa Kawi karan trambawa, trangglang, sanggrata, wilôngka, pujung-pujung, julungpujut, julung botêt lan grita.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia