dcsimg
Image of Candlenut
Creatures » » Plants » » Dicotyledons » » Spurge Family »

Candlenut

Aleurites moluccanus (L.) Willd.

Kemiri ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kemiri ya iku araning wit kang wohé kulité awujud atos, isiné ana kandhutané lenga, lan bisa kanggo bumbu masak.Ing basa latiné sok diarani Aleurites moluccana. Tuwuhan iki isih sakrabat karo ketéla pohung lan kalebu suku Euphorbiaceae. Sajeroning dedagangan antarnegara kaloka minangka candleberry, Indian walnut, utawa candlenut. Wité ingaran minangka varnish tree utawa kukui nut tree. Lenga sing dièkstrak saka wiji kemiri migunani sajeroning indhustri minangka bahan campuran cèt. Ora diweruhi kanthi cetha asal-usulé, tuwuhan iki nyebar wiwit saka India lan Cina, ngliwati Asia Kidul-wétan lan Nusantara, nganti Polinesia lan Niu Selan.[1] Ing Indonésia, kemiri kaloka kanthi akèh jeneng, antarané: kembiri, gambiri, hambiri (Bat.); kemili (Gayo); kemiling (Lamp.); buah kareh (buah keras, Mink.; Nias); keminting (Day.). Uga muncang (Sd.); dèrèkan, pidekan, miri (Jw.); kamèrè, komèrè, mèrè (Md.); lsp.[2]

 src=
Kemiri

Rujukan

  1.  src= Austria. 1999. Aleurites moluccana (L.) Willd. [Internet] Record from Proseabase. de Guzman, C.C. and Siemonsma, J.S. (Editors). PROSEA (Plant Resources of South-East Asia) Foundation, Bogor, Indonésia. Accessed from Internet: 02-Feb-2011
  2.  src= Austria 1987. Tumbuhan Berguna Indonésia, jil. 2: 1174-1177. Yay. Sarana Wana Jaya, Jakarta.

Uga delengen

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Kemiri: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kemiri ya iku araning wit kang wohé kulité awujud atos, isiné ana kandhutané lenga, lan bisa kanggo bumbu masak.Ing basa latiné sok diarani Aleurites moluccana. Tuwuhan iki isih sakrabat karo ketéla pohung lan kalebu suku Euphorbiaceae. Sajeroning dedagangan antarnegara kaloka minangka candleberry, Indian walnut, utawa candlenut. Wité ingaran minangka varnish tree utawa kukui nut tree. Lenga sing dièkstrak saka wiji kemiri migunani sajeroning indhustri minangka bahan campuran cèt. Ora diweruhi kanthi cetha asal-usulé, tuwuhan iki nyebar wiwit saka India lan Cina, ngliwati Asia Kidul-wétan lan Nusantara, nganti Polinesia lan Niu Selan. Ing Indonésia, kemiri kaloka kanthi akèh jeneng, antarané: kembiri, gambiri, hambiri (Bat.); kemili (Gayo); kemiling (Lamp.); buah kareh (buah keras, Mink.; Nias); keminting (Day.). Uga muncang (Sd.); dèrèkan, pidekan, miri (Jw.); kamèrè, komèrè, mèrè (Md.); lsp.

 src= Kemiri
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia