dcsimg

Nona makan sirih ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Nona makan sirih utawi Clerodendrum thomsoniae inggih punika jinis tuwuhan merambat anggota suku Lamiaceae rumiyen dipunlebetaken ing salebeting suku Lamiaceae.

Asal-usul Nona Makan Sirih

Tuwuhan punika saged dipuntaném dadas tuwuhan hias ing halaman utawi ing taman-taman. Nona makan sirih asalipun saking Afrika tropis, saged dipuntaném ing pot utawi lémah, tuwuhan punika jumbuh manawi panggènipun ingkang sèkhedik sèrngenge. Tuwuhan punika gadhah ranting mudi ingkang wujudipun pérsègi Èmpat. Ron tunggal, bértangkai, ujung runcing, tépi rata.[1]. Nona makan sirih utawi asring angsal sébutan kémbang patah hati punika nyilih utawi méntérjémahakén saking témbung asing broken heart. Tuwuhan kasébut boten saking Indonesia, nanging tuwuhan saking Afrika tropik. Ménawi taksih mudi nona makan sirih gadhah wujud semak ingkang uripè kéncéng, anangin manawi sampun tuwa tuwuhan punika mémbèlit lan mémanjat kaya déné sirih-sirihan. Nona makan sirih gadhah ron ingkang wujudipun Bundér ndok kaliyan balung-balung ron gadhah warni coklat. Sisi utawi lumah inggil hélain ron gadhah warni ijém mudi. ron kélopakipun ingkang ngémbung lan gadhah warni Péthak bérulaskan gadhah warni ungu. Makutha sékar punika gadhah warni Abrit. Punika saged dipunwastani nona makan sirihnamérgi jumlah ron makutha mau 5 lémbar. Nona makan sirih taksih kagolong kaliyan sékar Telekan. Tuwuhan punika saged tumbuh ing dataran cendhèk ngantas daerah pagunungan.[2]

Mupangatipun lan Khasiat Nona Makan Sirih

Tuwuhan nona makan sirih inggih punika liana lemah ingkang saged gegayuh 4 m, kaliyan ron oval ngantas manjang 8–17 cm. Sekaripun kasusun dados cymosa, ngantas 8-20 kuntum 1.Radang Kronis selaput Gendang Taligan ing anak-anak. Cuci resik 10-15 ron nona makan sirih, lajeng rebus kaliyan 3 gelas toya ngantas kasisa 1 gelas. Saring taya rebusanipun, lajeng unjuk saben dinten, saben ngunjuk satengah gelas. 2.Umbah resik 15 g ron nona makan sirih seger, lajeng rebus kaliyan 3 gelas toya angantas 15 menit. Manawi sampun anyep, saring taya rebusan, lan dipununjuk saben injing lan sonten.[3](dipununduh Tanggal 27 september 2012)

Kandungan Kimia lan Èfèk Rarmakologis Nona Makan Sirh

Bahan kinia ingkang ngandhut ing nona makan sirih taksih dèrèng terdeteksi. Sementara èfèk farmakologis nona makan sirih antawisipun ngilangakén béntèr lan racun toksin.[3]

Diskripsi Nona Makan Sirih

Tuwuhan pérdu alit lan céndak, ngérambat, kémbang berkelopak ageng, péthak, ngerubah dados abrit manawi sampun dados buah, saged dados tuwuhan hias Clorodendom thomsonae nomina.[4](dipununduh tanggal 27 September 2012)

Cathetan suku

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Nona makan sirih: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Nona makan sirih utawi Clerodendrum thomsoniae inggih punika jinis tuwuhan merambat anggota suku Lamiaceae rumiyen dipunlebetaken ing salebeting suku Lamiaceae.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia