dcsimg

Gandaria ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Gandaria (Bouea macrophylla Griffith) utawa jeneng lokal liyané ya iku jatake ya iku tuwuhan kang asalé saka Indonesia lan Malaysia. tuwuhan iki urip ing laladan tropis, lan akèh dibudhidhayaake ing Sumatera lan Thailand.

Gandaria dimanfaatake woh, godhong, lan wite. woh gandaria duwé warna ijo nalika isih enom, lan asring dikonsumsi kanthi digawé rujak utawa campuran sambel gandaria. woh gandaria kang mateng duwé warna kuning, duwé rasa kecut-legi lan bisa langsung dipangan. godhonge bisa digawé lalap. wit gandaria bisa digunaake dadi papan. Gandaria ya iku sawijining flora identitas Jawa kulon.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia