dcsimg

Remujung ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Remujung (Orthosiphon stamineus Benth utawa Orthosiphon aristatus (B1) Miq.) ya iku taneman obat kang kembangé awujud kaya remujung.[1][2][3] Béda manèh yèn ing Madura, remujung diarani sesalaseyan utawa soengot koceng.[1] Ora mung ing Indonesia waé, yèn ing nagara Cina remujung diarani mao xu cao.[1] Remujung isih sakulawarga karo jinis Labiatae utawa Lamiaceae.[2]

Wujud lan Thukulé

Wit remujung thukulé ngadeg, lurus, lan tegak nanging cenderung rungkut.[1] Gagangé duwé warna soklat semu wungu utawa semu abang lan dhapuré kothak.[1] Brèngos kucing nduwé wangun godhong kang kaya kupat, pinggiré lancip, lan ana tutul-tutulé.[1] Déné kembangé thukul saka pucuk gagang, benang sarine luwih dawa tinimbang tabung kembangé, lan wernané putih utawa biru.[1] Wit bréngos paling cocog thukul ing papan panggonan kang kagolong dhataran cendhék nganti dhataran dhuwur.[1] Wit remujung bisa ditandur kanthi cara stèk ing gagangé, ya iku pilihen gagang kang rada tuwa.[1] Banjur kethok dawané 15–20 cm banjur ditandur ing lemah.[1] Wit remujung akèh ditandur ing tegalan utawa kebon.[4] Lemah andosol lan latosol apik banget kanggo mbudidaya remujung.[5] Saiki akèh kang nandur ing ngarep omah amarga remujung bisa ngasilaké dhuwit kang lumayan.[4]

Kandhungan Kimia lan Kasiyaté

Kandhungan kimia ing remujung ya iku lenga atsiri, orthosiphon glikosida, zat samak, saponin, sapofonin, uyah kalium, myoinositol, lenga gajih, trimetil-apigenin, eupatorin, sinensetin, tetrametil-luteolin, lan tetrametil-skutelarein.[1][2] Remujung rasané rada pait, adhem, lan ana rasa leginé.[2] Kasiyat remujung ya iku bisa nambani anyang-anyangen utawa infèksi saluran kanggo uyuh, kangélan nguyuh lan rasané lara, blegudreg, panas, infèksi ginjel, kencing batu, lara boyok, nambah nafsu mangan, lan dadi obat antiradhang.[1][2] Pérangan kang dianggo kabèh, ya iku saka oyod nganti kembangé kanthi digodhog utawa digaringaké, digawé kaya déné tèh, banjur diunjuk.[1][3]

Ama lan lelara

Ama ing tuwuhan remujung ora pati ngrusak tuwuhan iku, ya iku kutu lan uler.[5] Déné lelara kang ana ing tuwuhan remujung ya iku lelara kang disebabaké déning jamur upas (Upsia salmonicolor utawa Corticium salmonicolor).[5] Uga ana gulma kang nyerang tuwuhan brèngos kucing kayadené gulma.[5] Gulma kang biyasa nyerang tuwuhan remujung kalebu gulma kebon kaya ta rumput teki, lulangan, ageratum, alang-alang, lan suket liyané.[5] Ama lan lelara mau bisa diilangaké kanthi cara PHT, ya iku Pengendalian Hama kanthi Terpadu kang migunakaké pèstisida nabati.[5]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m Muhlisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Kulawarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 37-39 ISBN 979-489-308-0
  2. a b c d e Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat & Rematik Ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara. Hal 35. ISBN 979-24-4807-1
  3. a b Dalimarta, Setiawan. 2001. 96 Resep Tumbuhan Obat untuk Rematik. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 52-53. ISBN 979-489-560-1
  4. a b Inu, Ade. 1981. Kebun Apotik. Jakarta: Aries Lima. Hal 4-5
  5. a b c d e f Kumis kucing
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Remujung: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Remujung (Orthosiphon stamineus Benth utawa Orthosiphon aristatus (B1) Miq.) ya iku taneman obat kang kembangé awujud kaya remujung. Béda manèh yèn ing Madura, remujung diarani sesalaseyan utawa soengot koceng. Ora mung ing Indonesia waé, yèn ing nagara Cina remujung diarani mao xu cao. Remujung isih sakulawarga karo jinis Labiatae utawa Lamiaceae.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia