dcsimg

Sawo kecik ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Sawo kecik (Manilkara Kauki) utawa uga bisa diarani sawo Jawa, iku sawijining woh-wohan sing akèh tinemu ing Tanah Jawa.[4] Sawo kecik bisa dimanfaatké kanggo tuwuhan hias ing plataran lan uga bisa kanggo adhem-adheman ing pekarangan.[4][5] Kayu Sawo kecik apik banget lan dhapuré kang atos tur kuwat ndadèkaké kayuné apik kanggo bahan yasan lan kanggo ukiran.[4][6] Sawo kecik miturut filosofi Jawa digandèngcènèngké sarwa becik (Serba Baik).[4][7] Ing Yogyakarta, bisa didadèkaké pratandha yèn sing nandur sawo kecik ya iku para abdi dalem kraton.[4][7][8] Woh Sawo Kecik diremeni para putri karaton amarga sawo kecik bisa kanggo wewangian alami para putri karaton.[8] Yèn dhahar woh iki, keringat, ambegane bisa dadi seger.[8]

Ciri-ciri

  • Tuwuhan sawo kecik duwé cirri-ciri:[4]
  • Dhuwuré tuwuhan sawo kecik bisa nganti 15-25 mètèr
  • Nduwèni godhong akèh lan isih bisa urip nalika mangsa katiga
  • Woh sawo kecik dhapuré bunder (bulat telur utawa bulat telur sungsang), ukurané cilik kira-kira 3.7 cm
  • Woh Sawo Kecik duwé kulit ari kanggo bungkusan kang tipis banget nanging gampang diuncèki.
  • Woh sawo kecik yèn mateng rasané legi, nanging ana uga kang rasané rada sepet.

Klasifikasi èlmiah

Klasifikasi èlmiah sawo kecik ya iku:[4][8] Kingdom: Plantae; Subkingdom: Tracheobionta; Super Divisi: Spermatophyta; Divisi: Magnoliophyta; Kelas: Magnoliopsida; Sub Kelas: Dilleniidae; Ordo: Ebenales; Famili: Sapotaceae; Genus: Manilkara; Spesies: Manilkara kauki; Sinonim; Mimusops kauki, Manilkara kaukii

Cathetan suku

  1. a b Annales du Musée Coloniale de Marseille ser. 3, 3 1915 "Plant Name Details for Manilkara kauki". Dijupuk December 30, 2009. basionym: Sapotaceae Mimusops kauki L.
  2. Species Plantarum 2 1753 "Plant Name Details for Mimusops kauki". Dijupuk December 30, 2009. Type Information: "Habitat in Zeylona." basionym of: Sapotaceae Manilkara kauki
  3. GRIN (March 17, 2008). "Manilkara kauki information from NPGS/GRIN". Taxonomy for Plants. National Germplasm Resources Laboratory, Beltsville, Maryland: USDA, ARS, National Genetic Resources Program. Dijupuk December 30, 2009.
  4. a b c d e f g Sawo(diaksès tanggal 30 maret 2011)
  5. About sawo kecik / SawoKecik (dipunundhuh tanggal 17 April 2011)
  6. Sawo Kecik, Si Penghuni Kraton(diunduh tanggal 2 April 2011)
  7. a b Sawo Kecik, Pohon Sarwo Becik Tapi Langka(dipunundhuh tanggal 17 April 2011)
  8. a b c d Misteri Pohon Sawo Kecik di Halaman Kedaton Keraton Surakarta(dipunundhuh tanggal 17 April 2011)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Sawo kecik: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Sawo kecik (Manilkara Kauki) utawa uga bisa diarani sawo Jawa, iku sawijining woh-wohan sing akèh tinemu ing Tanah Jawa. Sawo kecik bisa dimanfaatké kanggo tuwuhan hias ing plataran lan uga bisa kanggo adhem-adheman ing pekarangan. Kayu Sawo kecik apik banget lan dhapuré kang atos tur kuwat ndadèkaké kayuné apik kanggo bahan yasan lan kanggo ukiran. Sawo kecik miturut filosofi Jawa digandèngcènèngké sarwa becik (Serba Baik). Ing Yogyakarta, bisa didadèkaké pratandha yèn sing nandur sawo kecik ya iku para abdi dalem kraton. Woh Sawo Kecik diremeni para putri karaton amarga sawo kecik bisa kanggo wewangian alami para putri karaton. Yèn dhahar woh iki, keringat, ambegane bisa dadi seger.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia