dcsimg
Image of cogongrass
Creatures » » Plants » » Dicotyledons » » True Grasses »

Cogongrass

Imperata cylindrica (L.) P. Beauv.

Alang-alang ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Alang-alang iku tuwuhan suket-suketan kang urip ing ara-ara utawa dhadhah kosong.[1] Sanajan uripé ing ara-ara nanging alang-alang bisa dadi obat warna-warna lelara.,[2] Akèh zat kimiawi kang migunani kanggo keséhatan tinemu ing alang-alang.[3] Zat-zat mau ya iku manitol, glukosa, sakharosa, malic acid, citric acid, coixol, anindom, lan liya-liyané.[3] Kang kena dianggo obat ya iku godhong lan oyoté alang-alang.[3] Loro-loroné bisa dianggo nalika isih seger utawa wis digaringaké.[3] Saka hasil uji laborat, bisa kabuktèkaké yèn alang-alang uga duwé èfèk farmakologis, têgêsé tuwuhan iki nduwé sipat anti pirètik kang bisa gawé adhem yèn awak lagi panas,hemostatik kang bisa ngendhegna pendarahan, ngilangké rasa ngelak, diuretic ya iku sipat peluruh kemih supaya mlebu ing meridian paru-paru, lambung lan usus cilik.[3] Suket kang bisa urip nganti taunan iki duwé godhong kang pucuké lincip dawa lan ana luguté.[4] Godhong kang lagi semi wujudé lincip landhep kaya eri.[4] Tuwuhan alang-alang wité cendhék, godhongé lincip lan duwé kembang.[4] Ana uga kang godhongé ijo kecampuran biru kembang térong utawa wungu.[4] Dhuwuré kira-kira 0,2-1,5 m.[4] Godhong alang-alang awujud godhong kang mlengkung kaya pita kang dawa nanging pucuké lincip.[4] Dawa godhongé kurang luwih 12-80 cm, pinggiré kasar lan landhep.[4] Kembangé mirib kembang tebu nanging ukurane luwih cilik, dawané kurang luwih 6-28 cm.[4] Kembang alang-alang ana wuluné kang bisa mabur nalika wis garing.[4]

Trivia

Salah sijiné cara kanggo maténi alang-alang ya iku kanthi nandur jinis wit kang ulet, rikat thukul lan jarake rapet lan nggrombol.[5] Salah sijiné cara kang direkoméndasékaké ya iku kanthi cara gamal (Gliricidia spp.).[5] Ana uga kang ngarani yèn jeneng gamal iku duwé singkatan saka ganyang mati alang-alang.[5]

Jinis kang duwé kerabat

Marga Imperata duwé anggota kurang luwih 8 utawa 9 spésies.[5] Saliyané Imperata cylindrica, ana uga jinis liyané kaya ta:[5]

Ekologi

Alang-alang bisa thukul lan ngrembaka kanthi rikat.[6] Wiji-wiji alang-alang kang sumebar kagawa angin utawa rimpangé kang rikat nembus lemah kang gembur dadi piranti kanggo kembang biak.[6] Jinis suket iki, seneng urip ing panggonan kanthi lemah kang subur lan akèh éntuk cahya srengéngé.[6] Alang-alang uga bisa urip ing panggonan kang rada adhem lan duwé lemah kang lembab apadene garing.[6] Nanging alang-alang ora bisa thukul ing panggonan kang becek.[6]Gulma iki kanthi rikat bisa thukul ing lahan bekas alas kang rusak, bekas ladhang, sawah kang garing.[6] Saliyané iku, Alang-alang uga bisa urip ing pinggir-pinggir dalan.[6] Ing panggonan kang kaya ngono alang-alang bisa urip dominan ngebaki panggonan kang amba.[6] Nganti tekan taraf tinamtu kebakaran vegetasi uga kena ngrangsang thukulé alang-alang.[6] Pucuk-pucuk ilalang kang thukul sawisé kebakaran disenengi kéwan-kéwan kang mangan suket, saéngga panggonan kang kaya ngéné lumrahé dadi panggonan kanggo mbeburu.[6] Alang-alang urip nyebar kanthi alami wiwit saka India nganti tekan Asia timur, Asia Tenggara, Mikronesia lan Australia.[6] Nganti saiki, alang-alang uga tinemu ing Asia utara, Éropah, Afrika, Amérika lan ing kepulauan-kepulauan liyané.[6] Nanging amarga sifaté kang invasif iku, alang-alang kerep dianggep gulma kang nggangu.[6]

Mandi lan Mujarab

 src=
Alang-alang, ijo semu wungu

Alang-alang kalebu tuwuhan obat.[3] Godhong lan oyot alang-alang bisa kanggo tamba lelara hépatitis.[3] Kejaba iku alang-alang uga bisa kanggo obat lelara batu ginjel, infèksi ginjel, lan kencing batu.[7] Alang-alang uga bisa kanggo gawé alus kulit, nggampangaké nguyuh, kanggo obat darah kotor, nambah nepsu mangan, mampetké getih yèn lagi tatu, obat lelara kelamin kaya ta nguyuh nanah, nguyuh getih, lan raja singa, lelara ginjêl, tatu, awak panas, hipertènsi, pênyakit sarap lan stroke.[8] Pênyakit iku kabèh bisa ditambani nganggo oyot utawa rimpang alang-alang[8] Wit alang-alang uga bisa kanggo pakan kéwan,bahan kanggo gawé kertas, lan obat lelara kulit kaya kurap, lan kadas.[8] Ing jaman ''modern'', alang-alang uga digawé tablèt siyap minum.[9]

Dasa Nama

Alang-alang nduwé dasa nama kaya ta Naleueng lakoe (Acèh) ; Jih (Gayo); Rih, Ri (Batak) ; Oo (Nias); Alalang, Hilalang, Ilalang (Minang kabau); Lioh (Lampung); Halalang, Tingen, Padang, Tingan, Puang, Buhang, Bêlalang, Bolalang (Dayak); Eurih (Sunda); Alang-alang kambêngan (Jawa); Kebut, Lalang (Madura); Ambengan, Lalang (Bali); Kii, Rii (FIores); Padengo, Padanga (Gorontalo); Deya (Bugis); Erer, Muis, Wen (Seram); Weli, Welia, Wed (Ambon). NAMA ASING: Cogon grass, satintail (En). Paillotte (Fr).Malaysia: lalang, alang-alang. Papua New Guinea: kunai (Pidgin), kurukuru (Barakau, Central Province). Philippines: kogon (Tagalog), gogon (Bikol), bulum (Ifugao). Burma (Myanmar): kyet-mei. Cambodia: sbö':w. Laos: hnha:z kh'a:. Thailand: ya-kha, laa laeng, koe hee (Karen, Mae Hong Son). Vietnam: c [or] tranh. Jeneng Simplista Imperatae Rhizoma; rimpang alang-alang.[8] Jeneng liyané:[8]

Pemerian botanis

Alang-alang kalebu tuwuhan suket taunan kang duwé sisik.[4] Alang-alang urip kanthi oyot lan wit nemplek ing lemah. Pucuk wit kang metu saka lemah béntuké lincip lan mirib kaya eri.[4] Alang-alang nduwé wit kang cendhek, thukul mendhuwur lan duwé kembang.[4] Alang-alang ana kang rupané abang rada wungu lan ana uga kang nduwé kaya bundhelan rambut ing ngisor rosé.[4] Alang-alang lumrahé duwé dhuwur 0,21,5 m, nanging ing panggonan-panggonan kang tinamtu, alang-alang uga bisa luwih dhuwur saka ukuran iku.[4] Alang-alang nduwé godhong kang béntuke garis kaya pita, godhong kang wujud garis lanset iki nduwuré lincip lan ing bonggol godhongé rada ciut mbéntuk kaya talang.[4] Godhong alang-alang dawané kurang luwih 12-80 cm, pinggire kasar lan landhep.[4] Saliyané iku ing bonggol godhong uga ana rambut kang lumrahé diarani lugut.[4]Tulang daun tuwuhan alang-alang ukurané rada amba lan wernané pucet ing pérangan tengahé.[4] Alang-alang nduwé kembang kanthi karangan kembang malai kang dawane 6-28 cm. Kembang alang-alang nduwé anak bulir kang wulune dawa lan wernane putih.[4] Bulir iki gunané kanggo mabur nalika woh wiji alang-alang wis mateng.[4]

Kena ing Guna

Alang-alang bisa dadi obat warna-warna lelara.[3] Alang-alang nduwé zat-zat kimiawi kang diprelokaké manungsa.[3] Alang-alang kanggo obat radang ginjel.[3]

  1. oyot alang-alang kang cacahé 60-120 gram dikumbah nganti resik, banjur dikethok-kethok.[3]
  2. banjur digodhog karo telung gelas banyu putih.[3]
  3. godhog nganti banyuné kari segelas.[3]
  4. banyu sari alang-alang banjur diombé.[3]

Alang-alang kanggo obat mutah getih.[3]

  1. kumbah oyot alang-alang kurang luwih 30-60 gram.[3]
  2. kêthok-kêthok lan godhog karo telung gelas banyu.[3]
  3. godhog nganti banyuné kari segelas.[3]
  4. banyu sari alang-alang bisa diombé sawisé adhem.[3]

Alang-alang kanggo obat lelara nguyuh nanah.[3]

  1. kurang luwih 300 gram oyot alang-alang dikumbah nganti resik.[3]
  2. dikethok-kethok lan digodhog ing banyu 2.000 cc.[3]
  3. godhog nganti banyuné kari 1.200 cc.[3]
  4. cêmplungna gula batu ing godhogan alang-alang.[3]
  5. sari alang-alang bisa diombé kaya teh sêdina ping telu nganti jangkep sepuluh dina.[3]

Alang-alang kanggo obat lelara mimisen.[3]

  1. oyot alang-alang kang isih seger dikumbah banjur diajuraké lan diperes banyuné nganti 100 cc.[3]
  2. banyu pêrêsan langsung bisa diombé[3]

Sirup Alang-alang

 src=
Sirup Alang-alang

Alang-alang kalebu tuwuhan kang bisa kanggo obat.[3] Mula iku alang-alang diolah dadi sirup.[10] Sirup alang-alang saliyané bisa dadi obat kang nyéhatakè, uga duwé rasa kang énak.[10] Sirup alang-alang uga bisa didol lan ngasilaké dhuwit.[10] Bahan kanggo nggawé sirup alang-alang ya iku oyot alang-alang.[10] Carané oyot alang-alang digaréngaké lan digodhog karo banyu, banjur dicampur gula aren lan bumbu bumbon crakèn kaya ta jaé abang.[10] Sawisé iku alang-alang digodhog nganti rada kenthel, banjur sirup alang-alang diadhemké.[10] Kanggo nggawé sirup alang-alang cukup dicampur karo banyu supaya ora kekenthelen.[10] Yèn arep didol jladrenan sirup alang-alang banjur diwadhahi gendul.[10]

Jamu ora kudu pait

Jamu lumrahé rasané pait[5] Béda karo alang-alang, sirup jamu saka alang-alang bisa digawé warna-warna rasané gumantung sing nggawé, saéngga jamu kang wujud sirup iki rasané seger lan énak, ora pait.[11] Nanging sanajan énak rasané jamu iki têtêp nyéhataké awak kaya jamu-jamu tradhisional liyané.[3] Sirup alang-alang, bisa digawé variasi rasané kaya sirup liya-liyané. Umpamané rasa strobéry, jeruk, pala, jahe, kawis, lan liya-liyané.[11]

Cathetan suku

  1. fl-dof.com(dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  2. Species Description: Imperata cylindrica (L.) Beauv. Species Description: Imperata cylindrica (L.) Beauv(dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad id.shvoong.com (dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t [Steenis, CGGJ van. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 121]
  5. a b c d e f student-research.umm.ac.id(dipunundhuh tanggal 29 Maret 2011)
  6. a b c d e f g h i j k l m [Heyne, K. 1987.Tumbuhan Berguna Indonesia, jil. 1.Jakarta:Yay. Sarana Wana Jaya. Hal. 147-150]
  7. scribd.com(dipunundhuh tanggal 28 Maret 2011)
  8. a b c d e iptek.net.id(dipunundhuh tanggal 28 Maret 2011)
  9. newsobserver.com(dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  10. a b c d e f g h liputan6.com(dipunundhuh tanggal 28 Maret 2011)
  11. a b sirupsuramadu.umkm-online.com(dipunundhuh tanggal 29 Maret 2011)

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Alang-alang: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Alang-alang iku tuwuhan suket-suketan kang urip ing ara-ara utawa dhadhah kosong. Sanajan uripé ing ara-ara nanging alang-alang bisa dadi obat warna-warna lelara., Akèh zat kimiawi kang migunani kanggo keséhatan tinemu ing alang-alang. Zat-zat mau ya iku manitol, glukosa, sakharosa, malic acid, citric acid, coixol, anindom, lan liya-liyané. Kang kena dianggo obat ya iku godhong lan oyoté alang-alang. Loro-loroné bisa dianggo nalika isih seger utawa wis digaringaké. Saka hasil uji laborat, bisa kabuktèkaké yèn alang-alang uga duwé èfèk farmakologis, têgêsé tuwuhan iki nduwé sipat anti pirètik kang bisa gawé adhem yèn awak lagi panas,hemostatik kang bisa ngendhegna pendarahan, ngilangké rasa ngelak, diuretic ya iku sipat peluruh kemih supaya mlebu ing meridian paru-paru, lambung lan usus cilik. Suket kang bisa urip nganti taunan iki duwé godhong kang pucuké lincip dawa lan ana luguté. Godhong kang lagi semi wujudé lincip landhep kaya eri. Tuwuhan alang-alang wité cendhék, godhongé lincip lan duwé kembang. Ana uga kang godhongé ijo kecampuran biru kembang térong utawa wungu. Dhuwuré kira-kira 0,2-1,5 m. Godhong alang-alang awujud godhong kang mlengkung kaya pita kang dawa nanging pucuké lincip. Dawa godhongé kurang luwih 12-80 cm, pinggiré kasar lan landhep. Kembangé mirib kembang tebu nanging ukurane luwih cilik, dawané kurang luwih 6-28 cm. Kembang alang-alang ana wuluné kang bisa mabur nalika wis garing.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Eurih ( Sundanese )

provided by wikipedia emerging languages

Eurih (Imperata cylindrica) nyaéta hiji spésiés jukut ti genus Imperata, subfamili Panicoideae, supertribe Andropogonodae, tribe Andropogonéae. [1] Eurih mibanda ngaran daérah nu béda-béda: laturui (Aceh), lalang (Melayu), alang, (Minangkabau), kambengan (Jawa), reja (Makasar), padanga (Gorontalo), gombur (Papua).[2]

Ciri-ciri

Jukut eurih miboga ciri anu khas pisan, di mana tungtung atawa pucuk dauna nyungcung saperti cucuk.[3] Batangna pendék nangtung ka luhur jeung aya kembangan.[3] kembangna kadang warna beureum kaunguan.[3] eurih biasana tumuwuh jangkung antara 0,2 nepi ka 1,5 méter bisa ogé leuwih.[3] daunna ngagaris saperti pita panjang jeung tungtungna nyungcung, di mana pangkalna heureut saperti talang anu panjangna 12–80 cm.[3] tungtungna kasar pisan bari rérégéan, bulu panjang dina pangkalna, tulang daunna lébar.[3]

Sumebar

Eurih bisa gancang réproduksi, maké binih-binihna anu gancang sumebar kabawa angin, atawa liwat rimpangna anu nembus gancang kana taneuh anu gembur.[3] Lalawanan jeung asumsi umum, eurih teu resep tumuwuh dina taneuh anu miskin, garing atawa loba batuan.[3] Jukut ieu resep kana taneuh anu cukup subur, loba kakeunaan cahya panon poé nepi ka rada iuh , dina kaayaan lembap atawa garing.[3] di taneuh-taneuh anu becrek atawa kakeueum, atawa anu osok kaiuhan, eurih ogé henteu daékeun tumuwuh.[3] gulma ieu bakal langsung nempatan urut leuweung anu ruksak sarta kabuka, sésa kebon, sawah anu garing, sisi jalan jeung sajabana.[3] di sababaraha tempat kawas kitu eurih bisa tumuwuh nguasaan sarta nutupan aréal anu lega.[3] Nepi ka skala nu tangtu, kahuruan végétasi bisa ngarangsang perkembangan eurih, pucuk-pucuk eurih anu tumuwuh sanggeus kahuruan dipikaresep ku sasatoan tukang dahar jukut, nepi ka lahan sésa kahuruan sajinis ieu osok dipaké salaku tempat buburu.[3] Eurih sumebar sacara alami ti mimiti India nepi ka Asia Wétan, Asia tenggara, éropa, Amérika, Afrika, sarta di sabagian kapuloan.[3] Tatapi ku lantaran sifat pasifna éta, teu loba tempat-tempat eurih éta dianggap salaku gulma anu ngarépotkeun.[3]

Kandungan kimia

Sababaraha sanyawa kimia nu dipibanda dina tangkal eurih: Manitol, sakarosa, glukosa, silosa, fruktosa, asam malat, asam sitrat, asam oksalat, kaiksol, arundoin, silindrin, fernenol, simiarenol, dan anemonin.[2] Sifat kimiawi jeung éfék farmakologis : ngubaran saluran kahampangan (kantong kemih radang jeung batu ginjal) , nurunkeun panas keur galingging, sarta ubar pikeun raheut jeung sariawan sangkan getihna gancang saat.[2]

Mangfaat Eurih

Eurih osok dimangfaatkeun pikeun ngajaga lahan terbuka nu gampang keuna érosi.[3] eurih boga kamampuan gancang tumuwuh, jalinan rimpang eurih anu aya dina taneuh, jeung rapetna daun-daun eurih jadi pangjaga anu alus.[3] Di Indonésia wetan saperti Bali, daun eurih sok digaringkeun pikeun jadi bahan baku hateup imah atawa wangunan liana.[3] Salian ti éta, bisa ogé dipaké mulsa pikeun ngajaga taneuh di lahan tatanén.[3]

Rujukan

  1. Jonathan, Rigg (1862). A Dictionary of the Sunda Language of Java. Universitas Harvard: Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen.
  2. a b c Hembing, Prof; Wijayakusuma (2012). Atasi ASAM URAT & REMATIK ala Hembing. Jakarta: Niaga Swadaya. p. 21. ISBN 9789793833842. Cite uses deprecated parameter |coauthors= (bantuan); Unknown parameter |Url= ignored (|url= suggested) (bantuan)
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s (id)Mengenal Alang-alang diakses 21 Juli 2015

Tumbu kaluar

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Pangarang sareng éditor Wikipedia

Eurih: Brief Summary ( Sundanese )

provided by wikipedia emerging languages

Eurih (Imperata cylindrica) nyaéta hiji spésiés jukut ti genus Imperata, subfamili Panicoideae, supertribe Andropogonodae, tribe Andropogonéae. Eurih mibanda ngaran daérah nu béda-béda: laturui (Aceh), lalang (Melayu), alang, (Minangkabau), kambengan (Jawa), reja (Makasar), padanga (Gorontalo), gombur (Papua).

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Pangarang sareng éditor Wikipedia

Ilib ( Kapampangan )

provided by wikipedia emerging languages

Ing ilib (Imperata cylindrica), a karaniwang mayayaus king Ingles blady grass, cogon grass (play /kˈɡn/), kunai grass (play /ˈkn/), o Japanese bloodgrass, metung yang species ning grass king genus Imperata. Makabili ya king subfamily Panicoideae, supertribe Andropogonodae, tribu Andropogoneae.

Metung yang pilmihan (perennial) a rhizomatous a dikut a katutubu king aslagan ampong mauli-aslagang Asia, India, Micronesia, Australia, ampong aslagan ampong mauling Africa. Daragul yang manibat 0.6–3 m (2–10 pie) kátas. Maki lapad lang manga 2 cm malapit king pun ning tanaman, at kikitid anggang matilus ya karas king babo; mapinu lang tabas ipan deng lele ning bulung, at maki matilus lang kristal a silica. Ing manimunang uyat mas maputla ya kesa king aliwa nang dake ning bulung, at mas malapit ya king metung a talindiking ning bulung. Mabwak ya ing babo ning bulung malapit king pun, kabang itang lalam keraklan ala yang bwak. Miraras lang anggang 1.2 metru lalam deng kayang uyat o yamut, oneng keraklan 0.4 m la mu king gabun a mabalas.

Lokal a lagyu

Local a lagyung Ingles:

Lagyu kareng aliwang amanu:

Dalerayan

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Wikipedia authors and editors

Ilib: Brief Summary ( Kapampangan )

provided by wikipedia emerging languages

Ing ilib (Imperata cylindrica), a karaniwang mayayaus king Ingles blady grass, cogon grass (play /kˈɡn/), kunai grass (play /ˈkn/), o Japanese bloodgrass, metung yang species ning grass king genus Imperata. Makabili ya king subfamily Panicoideae, supertribe Andropogonodae, tribu Andropogoneae.

Metung yang pilmihan (perennial) a rhizomatous a dikut a katutubu king aslagan ampong mauli-aslagang Asia, India, Micronesia, Australia, ampong aslagan ampong mauling Africa. Daragul yang manibat 0.6–3 m (2–10 pie) kátas. Maki lapad lang manga 2 cm malapit king pun ning tanaman, at kikitid anggang matilus ya karas king babo; mapinu lang tabas ipan deng lele ning bulung, at maki matilus lang kristal a silica. Ing manimunang uyat mas maputla ya kesa king aliwa nang dake ning bulung, at mas malapit ya king metung a talindiking ning bulung. Mabwak ya ing babo ning bulung malapit king pun, kabang itang lalam keraklan ala yang bwak. Miraras lang anggang 1.2 metru lalam deng kayang uyat o yamut, oneng keraklan 0.4 m la mu king gabun a mabalas.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Wikipedia authors and editors

Imperata cylindrica ( Scots )

provided by wikipedia emerging languages

Imperata cylindrica, commonly kent as blady gress, cogon gress /kˈɡn/, kunai gress /ˈkn/, or Japanese bloodgrass, is a species o gress in the genus Imperata. It is placed in the subfaimily Panicoideae, supertribe Andropogonodae, tribe Andropogoneae.

It is a perennial rhizomatous gress native tae east an sootheast Asie, Indie, Micronesie, Melanesie, Australie, an eastren an soothren Africae. It grows frae 0.6–3 m (2–10 feet) taw. The leaves are aboot 2 cm wide near the base o the plant an nairae tae a sharp pynt at the tap; the margins are finely tuithed an are embedded wi sharp silica crystals. The main vein is a lichter colour than the rest o the leaf an tends tae be nearer tae ane side o the leaf. The upper surface is hairy near the base o the plant while the unnerside is uisually hairless. Ruits are up tae 1.2 meters deep, but 0.4 m is teepical in sandy soil.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Wikipedia authors and editors

Kugon ( Tagalog )

provided by wikipedia emerging languages

Para sa ibang gamit, tingnan ang Kugon (paglilinaw).
Para sa ibang gamit, tingnan ang Cogon (paglilinaw).

Ang kugon[1] o Imperata cylindrica (Ingles: cogon) ay isang uri ng mga matataas na damo o Poaceae na nasa saring Imperata. Nakalagay ito sa subpamilyang Panicoideae, supertribong Andropogonodae, at tribong Andropogoneae. Sa wikang Tagalog nagmula ang Ingles na katawagang cogon o cogon grass (partikular na sa Estados Unidos) para sa mga damong ito. May kaugnayan din dito ang katagang ningas-kugon (ginagamit din ang ningas-bao bilang kasingkahulugan ng kataga), na tumuturing sa madaliang lumilipas na interes sa isang gawain o bagay (sa simula lamang masigla at masigasig).[1]

Sanggunian


Usbong Ang lathalaing ito ay isang usbong. Makatutulong ka sa Wikipedia sa nito.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Mga may-akda at editor ng Wikipedia

Kugon: Brief Summary ( Tagalog )

provided by wikipedia emerging languages
Para sa ibang gamit, tingnan ang Kugon (paglilinaw). Para sa ibang gamit, tingnan ang Cogon (paglilinaw).

Ang kugon o Imperata cylindrica (Ingles: cogon) ay isang uri ng mga matataas na damo o Poaceae na nasa saring Imperata. Nakalagay ito sa subpamilyang Panicoideae, supertribong Andropogonodae, at tribong Andropogoneae. Sa wikang Tagalog nagmula ang Ingles na katawagang cogon o cogon grass (partikular na sa Estados Unidos) para sa mga damong ito. May kaugnayan din dito ang katagang ningas-kugon (ginagamit din ang ningas-bao bilang kasingkahulugan ng kataga), na tumuturing sa madaliang lumilipas na interes sa isang gawain o bagay (sa simula lamang masigla at masigasig).

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Mga may-akda at editor ng Wikipedia

Mtimbi ( Swahili )

provided by wikipedia emerging languages

Mtimbi au msufi wa bara (Imperata cylindrica) ni aina ya nyasi inayoishi miaka mingi. Asili yake ni Asia lakini umewasilishwa katika mabara mengine. Katika Afrika nyasi hili limekuwa mmea msumbufu mbaya sana.

Viungo vya nje

Picha

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Waandishi wa Wikipedia na wahariri

Mtimbi: Brief Summary ( Swahili )

provided by wikipedia emerging languages

Mtimbi au msufi wa bara (Imperata cylindrica) ni aina ya nyasi inayoishi miaka mingi. Asili yake ni Asia lakini umewasilishwa katika mabara mengine. Katika Afrika nyasi hili limekuwa mmea msumbufu mbaya sana.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Waandishi wa Wikipedia na wahariri

Tofa (shuka) ( Hausa )

provided by wikipedia emerging languages

Tofa (tóófáá) (Imperata cylindrica) shuka ne.[1]

Manazarta

  1. Blench, Roger (2007). Hausa names for trees and plants. Cambridge: Kay Williamson Educational Foundation.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Masu marubutan Wikipedia da masu gyara

Tofa (shuka): Brief Summary ( Hausa )

provided by wikipedia emerging languages

Tofa (tóófáá) (Imperata cylindrica) shuka ne.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Masu marubutan Wikipedia da masu gyara

దర్భ గడ్డి ( Telugu )

provided by wikipedia emerging languages

దర్భ గడ్డి వృక్ష శాస్త్రీయ నామం Desmostachya bipinnata. దర్భ గడ్డి ఒక గడ్డి మొక్క. దర్భను కుశదర్భ అని కూడా అంటారు.

ఇతర భాషలలో పేర్లు

సంస్కృతం : దర్భ, కుశః, హిందీ : దబ్, దహోలీ, కన్నడ : దర్భ, మలయాళం : దర్భ, దర్భప్పుల్లు, తమిళం : దర్బైపుల్, ఆంగ్లం : సాక్రిఫిషియల్ గ్రాప్

వ్యాప్తి

భారతదేశమంతటా.

మొక్క వర్ణన

గడ్డి జాతికి చెందిన ఈ మొక్క వేళ్ల నుండి అనేక సన్నగా పొడవుగా మందపాటి పోచలు నిటారుగా గుబురుగా పెరుగుతాయి. సంవత్సరం అంతా పెరుగుతుంది. వేళ్ల ద్వారా వ్యాప్తి చెందుతుంది. దర్భ పోచలు అంచులో చాలా పదునుగా ఉంటాయి. కొస కూడా ముల్లులాగా ఉంటుంది. ఈ పోచలు 50 సెం.మీ. నుంచి 1 మీటరు పొడవున నూగు ఏమీ లేకుండా నున్నగా ఉంటాయి. దీని గింజలు 0.5 నుండి 0.6 సెం.మీ. బారు ఉంటాయి. కొలగా, ముక్కొంగా అణగగొట్టబడ్డట్టు ఉంటాయి.

ఔషధ లక్షణాలు

వేర్లు వగరుగా ఉంటాయి. చలవ చేస్తుంది. మూత్రాన్ని సాఫీగా అయ్యేటట్లు చేస్తుంది. మూత్రము బొట్లు బొట్లుగా అవుటను మాన్పుతుంది. క్షీరవర్దనిగా పని చేస్తుంది. ఉబ్బసము, కామెర్లు, పిత్త ప్రకోపము వలన వచ్చు రోగములకు, అతిదాహము, మూత్రములో రక్తము పోవుటకు, మంచి మందు. దీని కాడలు రుచిగా ఉంటాయి. మూత్రాన్ని సాఫీగా అయ్యేటట్లు చేస్తుంది. ఉత్సహ ప్రేరకము, కామోద్రేకాన్ని కలిగిస్తుంది. బంక విరేచనాలకు మంచి మందు. అతి బహిష్టుస్రావమును అరికడుతుంది. కామెర్లు, ఉబ్బసము, మూత్రము బొట్లు బొట్లుగా పడుటను, మూత్ర నాళ రోగులకు, చర్మము పెట్లుట వంటి వ్యాధులకు మంచి మందు.

ఉపయోగపడు భాగాలు

మొక్క మొత్తము.

పూజా కార్యక్రమాలలో

యజ్ఞ, యాగాలలో దర్భ గడ్డి ప్రముఖ పాత్ర వహిస్తుంది. (పూజకు తగిన, యోగ్యమైన అష్టార్ఘ్యములు : పెరుగు, తేనె, నెయ్యి, అక్షతలు, గరిక, నువ్వులు, దర్భగడ్డి, పువ్వులు)

మూలాలు

  1. Desmostachya bipinnata was published in W. T. Thiselton-Dyer's Flora Capensis; being a systematic description of the plants of the Cape Colony, Caffraria, & port Natal. London 7(4): 632. 1900 "Plant Name Details for Desmostachya bipinnata". IPNI. Retrieved June 15, 2011.
  2. GRIN (August 31, 2000). "Desmostachya bipinnata information from NPGS/GRIN". Taxonomy for Plants. National Germplasm Resources Laboratory, Beltsville, Maryland: USDA, ARS, National Genetic Resources Program. మూలం నుండి 2012-10-11 న ఆర్కైవు చేసారు. Retrieved June 15, 2011.
  3. Uniola bipinnata, the basionym for D. bipinnata, was originally described and published in Species Plantarum ed. 2, 1:104. 1762 GRIN (August 31, 2000). "Uniola bipinnata information from NPGS/GRIN". Taxonomy for Plants. National Germplasm Resources Laboratory, Beltsville, Maryland: USDA, ARS, National Genetic Resources Program. మూలం నుండి 2012-10-11 న ఆర్కైవు చేసారు. Retrieved June 15, 2011.
  4. "Desmostachya bipinnata". Flora of Pakistan. eFloras. Retrieved 8 February 2011.

వనమూలికా వైద్యము

ఇవి కూడా చూడండి

license
cc-by-sa-3.0
copyright
వికీపీడియా రచయితలు మరియు సంపాదకులు