Suruh abang (Piper crocatum) ya iku salah sawijiné tuwuhan mrambat sing kalebu ing kulawarga Piperaceae kanthi wujud godhong kaya ati awerna abang rada pérak lan mengkilap, sarta duwé gagang sing thukulé selang-seling.[1] Godhong suruh abang ngandhut senyawa fitokimia ya iku alkoloid, saponin, tanin, lan flavonoid.[1] Wiwit biyèn suruh abang digunakaké wong Jawa kanggo tamba manéka warna jinis lelara lan uga kanggo ubarampé ing upacara adat Jawa.[1] Tuwuhan suruh abang mèmper suruh ing padatan. Sing mbedakaké ya iku mung warna godhongé, ana garis warna abang ing pérangan pinggir lan tengahé.[2] Kajaba kanggo tamba, suruh abang akèh minangka tuwuhan hias sing éndah.[2] Suruh abang sing asalé akèh saka Pulo Sulawesi iki uga duwé jeneng Latin Piper Ornatum.[2]
Suruh abang kawentar duwé kandhutan senyawa aktif kimia sing migunani banget kanggo kasarasan awak lan kanggo tamba manéka jinis lelara. Senyawa kimia sing kaandhut ing suruh abang ya iku:
Suruh abang bisa minangka tamba manéka jinis lelara, ya iku:
Kanggo tamba, suruh abang kudu diramu luwih ndhisik. Ramuan suruh abang bisa awujud ramuan tunggal lan ramuan campuran. Ramuan campuran ya iku ramuan suruh abang sing dicampur karo tuwuhan obat liyané. Tuladha ramuan suruh abang kanggo manéka warna lelara, ya iku:
Kanggo Kasarasan Jantung
Jupuk godhong suruh abang 3-4 lembar, yèn ukurané cilik 6-8 lembar. Dikumbah nganti resik banjur diiris cilik-cilik. Digodhog karo banyu 4 gelas (800 ml) nganti umub lan mung kari 2 gelas, banjur disaring. Ramuan iki diombé nalika isih anget, sadina ping pindho.[5]
Bahané ya iku godhong suruh abang 3-4 lembar, godhong asem 30 gram, blimbing wuluh 2, lan godhong ginseng 4 lembar. Kabèh bahan dikumbah resik, diiris cilik-cilik banjur digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari 1,5 gelas. Ramuan iki diombé sadina ping telu nalika isih anget. Bisa ditambah madu.[5]
Kanggo Diabetes
Jupuk godhong suruh abang sing setengah tuwa ya iku godhong sing kaping enem utawa pitu saka pucuk, banjur diiris cilik-cilik. Digodhog karo banyu 3 gelas (600 ml) nganti umub lan mung kari 1,5 gelas. Diombé sadina ping telu sadurungé mangan, saben ngombé setengah gelas.[5]
Jupuk 3 lembar godhong suruh abang sing ukurané sedheng utawa ora patia cilik, 40 gram kulit kayu gayam sing wis diresiki pérangan jabané, lan 30 gram kulit kayu jamblang garing. Kabèh bahan dicencem nganggo banyu 2 gelas (400 ml) nganti umub lan mung kari sagelas. Disaring, diombé sadina ping pindho, ésuk lan soré sadurungé mangan. Saben ngombé setengah gelas.[5]
Nambani watuk lan nambah nafsu mangan
Cepakakna godhong suruh abang sing ora patia tuwa gunggungé 10 lembar, dikumbah, banjur dikum ing alkohol 70 % watara 30 menit supaya baktèri sing nèmpèl ing godhong bisa mati. Ditambah gula putih 100 gram banjur digodhog karo banyu 4 gelas nganti umub lan mung kari sagelas. Sawisé adhem, suntak ing botol sing resik lan stèril. Ramuan iki bisa diombé sadina ping telu, saben ngombé sasendhok mangan.[5]
Nambani radhang mripat
Suruh abang sing isih enom (godhong kaping lima saka pucuk) 4 lambar dikumbah nganti resik. Banjur digodhog karo banyu 2 gelas nganti umub lan kari sagelas. Sawisé adhem, banyu godhogan mau minangka ngrimbang mripat sing lara. Digunakaké aja nganti punjul ping telu saben dinané, supaya ora iritasi.[5]
Suruh abang (Piper crocatum) ya iku salah sawijiné tuwuhan mrambat sing kalebu ing kulawarga Piperaceae kanthi wujud godhong kaya ati awerna abang rada pérak lan mengkilap, sarta duwé gagang sing thukulé selang-seling. Godhong suruh abang ngandhut senyawa fitokimia ya iku alkoloid, saponin, tanin, lan flavonoid. Wiwit biyèn suruh abang digunakaké wong Jawa kanggo tamba manéka warna jinis lelara lan uga kanggo ubarampé ing upacara adat Jawa. Tuwuhan suruh abang mèmper suruh ing padatan. Sing mbedakaké ya iku mung warna godhongé, ana garis warna abang ing pérangan pinggir lan tengahé. Kajaba kanggo tamba, suruh abang akèh minangka tuwuhan hias sing éndah. Suruh abang sing asalé akèh saka Pulo Sulawesi iki uga duwé jeneng Latin Piper Ornatum.