dcsimg

Suruh abang ( javanais )

fourni par wikipedia emerging languages

Suruh abang (Piper crocatum) ya iku salah sawijiné tuwuhan mrambat sing kalebu ing kulawarga Piperaceae kanthi wujud godhong kaya ati awerna abang rada pérak lan mengkilap, sarta duwé gagang sing thukulé selang-seling.[1] Godhong suruh abang ngandhut senyawa fitokimia ya iku alkoloid, saponin, tanin, lan flavonoid.[1] Wiwit biyèn suruh abang digunakaké wong Jawa kanggo tamba manéka warna jinis lelara lan uga kanggo ubarampé ing upacara adat Jawa.[1] Tuwuhan suruh abang mèmper suruh ing padatan. Sing mbedakaké ya iku mung warna godhongé, ana garis warna abang ing pérangan pinggir lan tengahé.[2] Kajaba kanggo tamba, suruh abang akèh minangka tuwuhan hias sing éndah.[2] Suruh abang sing asalé akèh saka Pulo Sulawesi iki uga duwé jeneng Latin Piper Ornatum.[2]

Kandhutan Senyawa Aktif

Suruh abang kawentar duwé kandhutan senyawa aktif kimia sing migunani banget kanggo kasarasan awak lan kanggo tamba manéka jinis lelara. Senyawa kimia sing kaandhut ing suruh abang ya iku:

  • flavonoid lan polevenolad sing asifat antioksidan, antidiabetik, antikanker, antisèptik lan antiinflamasi. Déné senyawa alkoloid duwé sipat antineoplastik sing mandi kanggo ngalang-alangi tuwuhé sèl-sèl kanker.[3]
  • Alkaloid, ya iku bahan organik sing ngandhut nitrogén minangka péranganing sistem heterosiklik. Senyawa alkoloid duwé sipat antineoplastik sing mandi kanggo ngalangi tuwuhé sèl-sèl kanker.[3]
  • Lenga atsiri, hidroksikavicol, kavicol, kavibetol, allylprokatekol, karvakrol, eugenol, pcymene, cineole, caryofelen, kadimen estragol, terpenena, lan fenil propada. Karvakrol asifat desinfektan, antijamur, saéngga bisa digunakaké dadi tamba antisèptik kanggo ngilangaké abab mambu lan keputihan.[3]
  • Eugenol, ya iku senyawa sing bisa ngelongi rasa perih.[3]
  • Tanin, senyawa sing bisa kanggo tamba lara weteng.[3]

Khasiat

Suruh abang bisa minangka tamba manéka jinis lelara, ya iku:

Ramuan

Kanggo tamba, suruh abang kudu diramu luwih ndhisik. Ramuan suruh abang bisa awujud ramuan tunggal lan ramuan campuran. Ramuan campuran ya iku ramuan suruh abang sing dicampur karo tuwuhan obat liyané. Tuladha ramuan suruh abang kanggo manéka warna lelara, ya iku:

Kanggo Kasarasan Jantung

  • Ramuan tunggal

Jupuk godhong suruh abang 3-4 lembar, yèn ukurané cilik 6-8 lembar. Dikumbah nganti resik banjur diiris cilik-cilik. Digodhog karo banyu 4 gelas (800 ml) nganti umub lan mung kari 2 gelas, banjur disaring. Ramuan iki diombé nalika isih anget, sadina ping pindho.[5]

  • Ramuan campuran

Bahané ya iku godhong suruh abang 3-4 lembar, godhong asem 30 gram, blimbing wuluh 2, lan godhong ginseng 4 lembar. Kabèh bahan dikumbah resik, diiris cilik-cilik banjur digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari 1,5 gelas. Ramuan iki diombé sadina ping telu nalika isih anget. Bisa ditambah madu.[5]

Kanggo Diabetes

  • Ramuan tunggal

Jupuk godhong suruh abang sing setengah tuwa ya iku godhong sing kaping enem utawa pitu saka pucuk, banjur diiris cilik-cilik. Digodhog karo banyu 3 gelas (600 ml) nganti umub lan mung kari 1,5 gelas. Diombé sadina ping telu sadurungé mangan, saben ngombé setengah gelas.[5]

  • Ramuan campuran

Jupuk 3 lembar godhong suruh abang sing ukurané sedheng utawa ora patia cilik, 40 gram kulit kayu gayam sing wis diresiki pérangan jabané, lan 30 gram kulit kayu jamblang garing. Kabèh bahan dicencem nganggo banyu 2 gelas (400 ml) nganti umub lan mung kari sagelas. Disaring, diombé sadina ping pindho, ésuk lan soré sadurungé mangan. Saben ngombé setengah gelas.[5]

Nambani watuk lan nambah nafsu mangan

Cepakakna godhong suruh abang sing ora patia tuwa gunggungé 10 lembar, dikumbah, banjur dikum ing alkohol 70 % watara 30 menit supaya baktèri sing nèmpèl ing godhong bisa mati. Ditambah gula putih 100 gram banjur digodhog karo banyu 4 gelas nganti umub lan mung kari sagelas. Sawisé adhem, suntak ing botol sing resik lan stèril. Ramuan iki bisa diombé sadina ping telu, saben ngombé sasendhok mangan.[5]

Nambani radhang mripat

Suruh abang sing isih enom (godhong kaping lima saka pucuk) 4 lambar dikumbah nganti resik. Banjur digodhog karo banyu 2 gelas nganti umub lan kari sagelas. Sawisé adhem, banyu godhogan mau minangka ngrimbang mripat sing lara. Digunakaké aja nganti punjul ping telu saben dinané, supaya ora iritasi.[5]

Uga delengen

Suruh

Cathetan suku

  1. a b c Sirih Merah sebagai Tanaman Obat Multifungsi(diundhuh 23 September 2012)
  2. a b c Daun sirih merah dan manfaatnya(diundhuh 23 September 2012)
  3. a b c d e Kandungan Kimia Sirih Merah(diundhuh 24 September 2012)
  4. a b c d e f g h i j k l Khasiat Sirih Merah(diundhuh 25 Sepetember 2012)
  5. a b c d e f Sirih merah obat beragam penyakit(diundhuh 25 September 2012)
licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis lan editor Wikipedia

Suruh abang: Brief Summary ( javanais )

fourni par wikipedia emerging languages

Suruh abang (Piper crocatum) ya iku salah sawijiné tuwuhan mrambat sing kalebu ing kulawarga Piperaceae kanthi wujud godhong kaya ati awerna abang rada pérak lan mengkilap, sarta duwé gagang sing thukulé selang-seling. Godhong suruh abang ngandhut senyawa fitokimia ya iku alkoloid, saponin, tanin, lan flavonoid. Wiwit biyèn suruh abang digunakaké wong Jawa kanggo tamba manéka warna jinis lelara lan uga kanggo ubarampé ing upacara adat Jawa. Tuwuhan suruh abang mèmper suruh ing padatan. Sing mbedakaké ya iku mung warna godhongé, ana garis warna abang ing pérangan pinggir lan tengahé. Kajaba kanggo tamba, suruh abang akèh minangka tuwuhan hias sing éndah. Suruh abang sing asalé akèh saka Pulo Sulawesi iki uga duwé jeneng Latin Piper Ornatum.

licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis lan editor Wikipedia

Piper ornatum ( anglais )

fourni par wikipedia EN

Piper ornatum, the Celebes pepper, is a species of plant in the family Piperaceae. It is endemic to Indonesia.[1]

References

Wikispecies has information related to Piper ornatum.
Wikimedia Commons has media related to Piper ornatum.
licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Wikipedia authors and editors
original
visiter la source
site partenaire
wikipedia EN

Piper ornatum: Brief Summary ( anglais )

fourni par wikipedia EN

Piper ornatum, the Celebes pepper, is a species of plant in the family Piperaceae. It is endemic to Indonesia.

licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Wikipedia authors and editors
original
visiter la source
site partenaire
wikipedia EN

Sirih merah ( indonésien )

fourni par wikipedia ID

Sirih merah adalah tumbuhan merambat yang ditanam orang karena khasiat pengobatan dan juga keindahan daunnya. Tumbuhan ini masih berkerabat dekat dengan sirih maupun lada. Nama ilmiah tumbuhan asal Sulawesi ini adalah Piper ornatum, namun beberapa pustaka mengacaukannya dengan Piper crocatum, tumbuhan yang tidak dibudidayakan yang berasal dari benua Amerika.[1] Dan sirih merah juga dapat digunakan sebagai obat diabetes militus, hepatitis, asam urat, batu ginjal, menurunkan kolestrol, mencegah strok, keputihan, radang prostat, radang mata, maag, kelelahan, nyeri sendi, dan memperhalus kulit.

Referensi

 src= Artikel bertopik tumbuhan ini adalah sebuah rintisan. Anda dapat membantu Wikipedia dengan mengembangkannya.
licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis dan editor Wikipedia
original
visiter la source
site partenaire
wikipedia ID

Sirih merah: Brief Summary ( indonésien )

fourni par wikipedia ID

Sirih merah adalah tumbuhan merambat yang ditanam orang karena khasiat pengobatan dan juga keindahan daunnya. Tumbuhan ini masih berkerabat dekat dengan sirih maupun lada. Nama ilmiah tumbuhan asal Sulawesi ini adalah Piper ornatum, namun beberapa pustaka mengacaukannya dengan Piper crocatum, tumbuhan yang tidak dibudidayakan yang berasal dari benua Amerika. Dan sirih merah juga dapat digunakan sebagai obat diabetes militus, hepatitis, asam urat, batu ginjal, menurunkan kolestrol, mencegah strok, keputihan, radang prostat, radang mata, maag, kelelahan, nyeri sendi, dan memperhalus kulit.

licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Penulis dan editor Wikipedia
original
visiter la source
site partenaire
wikipedia ID

Piper ornatum ( italien )

fourni par wikipedia IT

Il pepe di Celebes (Piper ornatum N.E.Br.) è una pianta appartenente alla famiglia delle Piperacee, endemica dell'isola di Sulawesi (Indonesia).[1]

Note

  1. ^ (EN) Piper ornatum, su Plants of the World Online, Royal Botanic Gardens, Kew. URL consultato il 18 gennaio 2021.

 title=
licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Autori e redattori di Wikipedia
original
visiter la source
site partenaire
wikipedia IT

Piper ornatum: Brief Summary ( italien )

fourni par wikipedia IT

Il pepe di Celebes (Piper ornatum N.E.Br.) è una pianta appartenente alla famiglia delle Piperacee, endemica dell'isola di Sulawesi (Indonesia).

licence
cc-by-sa-3.0
droit d’auteur
Autori e redattori di Wikipedia
original
visiter la source
site partenaire
wikipedia IT