dcsimg

Sardinella ( Japonês )

fornecido por wikipedia emerging languages

Iwak Sardinella punika nama satunggaling marga iwak ingkang kalebet suku Clupeidae [1][2]. Wonten ugi spésies ingkang wonten ing Indonesia kawentar kanthi nama lemuru lan tembang ingkang kalebet jinis ulam pelagis ingkang alit ugi wigati kanggé perikanan. Amargi rikat anggènipun busuk, ulam jinis punika langkung kathah dipundamel iwak asin, iwak pindhang, utawi dipunkemas wonten ing kalèng dados ulam sardèn.

Morfologi

Ulam lemuru gadhah waja ing langit-langit lambe kasambung balung rahang ngandhap lan ilat. Sisik-sisikipun lembut lan katumpuk boten ketata, cacahing sisik ing sangajenging sirip punggung 13-15. Sisik eri wonten ing lambung, 18 ing ngajenging sirip weteng, lan 14 ing sawingkinging sirip weteng [1]. Awakipun bulat dawa kanthi pérangan weteng radi bunder lan sisik eri radi tumpul boten menonjol. Warnanipun awak biru radi ijo ing pérangan inggil (punggung]], putih pérak ing pérangan ngandhap. Ing pérangan inggil panutup angsang dumugi pangkal buntut wonten satunggal larik bunderan ireng kanthi gunggung 10-20 buah. Kagungan sirip kanthi warna klawu radi kuning lajeng warna sirip buntut radi ireng [3].

Panyebaran

Ulam Lemuru mapan wonten ing perairan tropis ingkang wonten ing tlatah Indo - Pasifik. Miturut Whitehead (1985), ulam punika kalebet habitat ingkang wonten ing satunggaling tlatah ingkang wiyar inggih punika sisih wétan Samodra Hindia, ya iku Pukhet, Thailand, Pasisir Kidul ing Jawa Wétan lan Bali, Australia Kulon, lan Samodra Pasifik (saking Pulo Jawa sisih lor dumugi Filipina, Hong Kong, Taiwan pérangan kidul, lan Pulo Jepang). Ing sisih tenggara Pulo Jawa lan Bali, konsèntrasi ulam punika kathahipun ing Selat Bali. Wonten ing vèrsi Inggris ulam punika dipunwastani Bali Sardinella [3]. Kajawi punika ulam lemuru ugi wonten ing sisih kidul Ternate, Selat Sunda, lan Teluk Jakarta. Ulam lemuru ingkang dipuncekel ing tlatah Sumatra Kulon punika asiling saking perairan samodra Hindia [1].

Ulam lemuru kalebet jinising ulam pelagis alit ingkang gampil ketarik déning cahya, saéngga saged makempal wonten ing papan cahya lampu dipunpasang. Caranipun gesang ulam punika kanthi cara damel gerombolan kanthi gunggung ingkang ageng. Ulam lemuru nalika wanci dalu wonten ing lumah segara madosi panganan lan wonten ing kolom perairan nalika wayah awan [1]. Ulam Lemuru utawi sardinella punika mangan plankton (fitoplankton lan zooplankton) mliginipun kopepoda. Ingkang unik punika tuwuhing dwa ulam punika boten kados cepeting tambahing bobot. Wonten ing ngèlmu perikanan dipunwastani positive allometric. Bobot awak sampun mundhak, nanging dawanipun awak namung nambah sakedhik [3].

Miturut panaliti, ulam punika rakus dhateng fitoplankton lan zooplankton punika damel ulam punika kathah kandhutan omega 3, salah satunggaling lemak tak jenuh ingkang gadhah kathah manfaat kanggé keséhatan[3].

Cathetan suku

  1. a b c d [1], Ulam Lemuru (dipun-akses tanggal 03 Dhésèmber 2012).
  2. [2], Ulam Lemuru 2(dipun-akses tanggal 03 Dhésèmber 2012).
  3. a b c d [3], (id) http://www.iftfishing.com (dipun-akses tanggal 03 Dhésèmber 2012).
licença
cc-by-sa-3.0
direitos autorais
Penulis lan editor Wikipedia
original
visite a fonte
site do parceiro
wikipedia emerging languages

Sardinella: Brief Summary ( Japonês )

fornecido por wikipedia emerging languages

Iwak Sardinella punika nama satunggaling marga iwak ingkang kalebet suku Clupeidae . Wonten ugi spésies ingkang wonten ing Indonesia kawentar kanthi nama lemuru lan tembang ingkang kalebet jinis ulam pelagis ingkang alit ugi wigati kanggé perikanan. Amargi rikat anggènipun busuk, ulam jinis punika langkung kathah dipundamel iwak asin, iwak pindhang, utawi dipunkemas wonten ing kalèng dados ulam sardèn.

licença
cc-by-sa-3.0
direitos autorais
Penulis lan editor Wikipedia
original
visite a fonte
site do parceiro
wikipedia emerging languages