dcsimg
Image of Cassumunar ginger
Creatures » » Plants » » Dicotyledons » » Ginger Family »

Cassumunar Ginger

Zingiber montanum (J. Koenig) Link ex A. Dietr.

Benglé ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Benglé (Zingiber purpureum Roxb) ya iku tetuwuhan rimpang kang kalebu kulawarga Zingeberales. Benglé tuwuh ing tlatah Asia Tropika, Indhia, nganti Indonésia. Ing Jawa, dibudidayakaké ing dharatan cendhèk nganti 1300 mèter ing sadhuwuring samodra. Wit iki seneng tumrap panggonan kang akèh cahyaning srengéngé. Herba samangsa iki tuwuh nganti 1,5 mèter awujud rumpun kang padhet lan galihé semu kasusun saka pelepah. Godhongé tunggal selang-seling lan bentuké lonjong tipis tur lancip. Godhongé dawané 23-35 cm lan ambané 20-40 mm wernané ijo. Kembangé majemuk dawané 6-10 cm lan bentuké gelèndong. Kembangé putih rada kuning.[1]

Piguna

 src=
Pérangan Benglé

Rimpangé kang njalar lan ndaging rasané pedhes tur pait. Piguna rimpang iki kaya déné jamu. Bisa kanggo nambani masuk angin, watuk, lara kuning, cacingen, lan bisa nyilikaké awak sakwisé babaran. Cara ngonsumsi ya iku kanthi dicor banyu panas kaya déné jaé.

Rujukan

  1. Satya, Bayu (2013). Koleksi Tumbuhan Berkhasiat. Yogyakarta: Rapha Publishing. k. 17. ISBN 978-979-29-3367-3.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Benglé: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Benglé (Zingiber purpureum Roxb) ya iku tetuwuhan rimpang kang kalebu kulawarga Zingeberales. Benglé tuwuh ing tlatah Asia Tropika, Indhia, nganti Indonésia. Ing Jawa, dibudidayakaké ing dharatan cendhèk nganti 1300 mèter ing sadhuwuring samodra. Wit iki seneng tumrap panggonan kang akèh cahyaning srengéngé. Herba samangsa iki tuwuh nganti 1,5 mèter awujud rumpun kang padhet lan galihé semu kasusun saka pelepah. Godhongé tunggal selang-seling lan bentuké lonjong tipis tur lancip. Godhongé dawané 23-35 cm lan ambané 20-40 mm wernané ijo. Kembangé majemuk dawané 6-10 cm lan bentuké gelèndong. Kembangé putih rada kuning.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia